Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/303

Kaca iki wis divalidasi

Anehe maneh, wiwit metu saka pakunjaran nganti wis tekan ngarep desaku, batinku kok tansah takon, bapak-ibu isih ana kono apa ora?Luwih dheg-dhegan maneh nalika saka kadohan weruh omah-omah ing desaku akeh sing rubuh kabrubuh dening krodhaning lindhu gedhe kae, lan seprene durung bisa diedegake maneh. Ing kana-kene katon tendha biru, ijo, jingga, lan putih padha diedegake ing kebon-kebon. Sajake seprene isih padha urip ing tendha-tendha iku.

Nalika aku wiwit mlebu lurung desaku, sesawangan dadi saya cetha lan genah. Pinggir dhewe kiwa-tengen lurung iku omahe Lik Dirsa lan Mbah Sani. Loro-lorone rubuh rata lemah. Omah candhake, omahe Pak Sarkam, isih ngadeg nanging temboke rengka-rengka kaya dirajang, dituwak-tuwak pring amrih ora jugrug. Candhake maneh omahe Pak Lurah, tembok sisih kidul jugrug separo lan payone mlosok sisih. Ing pajok prapatan, omahe Lik Modin sing rong wuwungan iku megar dadi loro, omah wetan bengkah dhoyong ngetan, omah kulon dhoyong ngulon, sajak kaya tangan megar munggah, nyenyuwun marang sing ana ndhuwur kana supaya enggal diudhuni dhuwit bantuan kanggo mbangun. Seprene omah kuwi tetep megar nyenyuwun, tetegse seprene dhuwit bantuan iku durung mudhun-mudhun.

Aku menggok ngetan nggawa pitakon jroning batin. Lho, omahku dhewe kepriye nasibe? Jantungku saya kedher lan atiku trataban nalika wis ngancik pojok pekaranganku. Omahku wis ora ana, kari katon jogan tegel keramik tanpa aling-aling tembok apa maneh payon. Ing sisih kulone katon ngundhuk-undhuk tumpukan brangkal, bata pecah-pecah lan remukan tembok, sisihan karo tumpukan usuh, balungan omah lan kusenkusen sing wis ora genah wujude. Dhuh Gusti, nyuwun ngapura ....

Aku meleng nata atiku. Bisa tumata sawetara katitik batinku nguwuh. Omah iku mung barang mati gaweyane manungsa, swanci-wanci isih bisa dibangun yen wis ana rejeki. Nanging bapak, ibu, lan adhi-adhiku padha kepriye, saiki padha ana ngendi? Jumangkah mlebu ana pekarangan, rasaku kaya mlebu njaratan. Sepi mamring ora ana glibede uwong. Kanthi rasa nggrantes aku munggah menyang njrambah omahku sing wis blakblakan tanpa tembok lan payon iku. Isih bisa daktitik jrambah tilas kamar pribadhiku dhek semana, ing sisih pojok kidul kulon. Aku lungguh dhelegdheleg ing kono, nyawang lemari lan mejaku sing wis semplok kabeh, gumlethak ing ngisor wit pelem kidul omah. Batinku takon, sandhangan lan buku-bukuku padha ana ngendi? Apa disimpen ibu? Njur ibuku ana ngendi wektu iki?

Aku njenggirat kaget nalika dumadakan keprungu swara wangsulan, kaya-kaya ngerti pitakon jroning batinku.

“Buku-buku lan sandhanganmu daksimpen, Le, ben ora kodanan.”

Aku noleh. Jebul Pak Cilik Ahmadi ngadeg ana mburiku tanpa dak ngerteni tekane.

290

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010