Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/304

Kaca iki wis divalidasi

“Pak Lik …,” aruh-aruh aku.

Rasa sedhih katon ing pasuryane sing kuru.

“Bapak, ibu, lan adhik-adhik wonten pundi, Pak Lik? Takonku ora sranta.

Nanging Pak Lik ora enggal mangsuli, malah eluhe katon mbrebel, dleweran ing pipine. Let sauntara lagi krungu ucape.

“Bakri, sarehna atimu dhisik, Le, lan tatanen rasamu, sebab lagi wae kowe teka dhog, weruh omahmu kaya ngene. Sedhela maneh mengko daktuduhi ing ngendi papane bapak-ibu lan adhi-adhimu.”

Sakala atiku geter, getihku kaya anjlog mudhun kabeh. Ing batin aku netepake, bapak-ibu lan adhi-adhiku mesthi dadi wong cacat merga kembrukan omah iki. Saya ora sranta atiku, kepengin enggal-enggal weruh kulawargaku, kepengin ngerti sanyatane, kepriye kahanane saiki.

“Mangga saniki mawon Pak Lik, kula selak kepengin semerep. Kula sampun sawega ing manah, kados pundi kemawon kawontenanipun bapak-ibu lan adhik-adhik.”

Pak Lik ora ngucap apa-apa, mung tanganku banjur digandheng, dituntun kaya bocah cilik lumaku ngetan nurut lurung. Batinku, mesthine bapak-ibu lan adhik-adhik padha nunut ana omahe Pak Lik sisih wetan kana. Sajake omahe Pak Lik ora rubuh kaya omahku lan isih kena dienggoni.

Nanging atiku kumesar lan getihku kaya mandheg nalika Pak Lik nggeret tanganku menggok mlebu makam. Aku arep takon nggenahake, nanging lambeku kaya dibungkem dhemit makam kono. Pak Lik uga ora kumecap apa-apa, mung terus nggandheng aku mlipir ing sela-selaning kuburan sing kabeh sinawuran kembang lan isih katon seger. Aku lagi eling yen dina iki dina sadranan. Ing sisih wetan katon akeh kuburan anyar jentrek-jentrek, kabeh mawa maejan sing meh padha, kanthi tulisan jeneng lan tanggal kematiane, kang tetela meh kabeh padha, 27 Mei 2006.

Tekan larikan angka telu, Pak Lik mandheg. Tangane nuding kuburan anyar jejer papat. Dakwacani siji-siji urut saka kulon, Kiai Irfan, Nyai Syarifah, Arief, Shalihah.

Sakala sikilku lemes ora kuwat nyangga awakku. Wekasan aku tiba ndheprok, ora ana barang kang bisa daksawang, awit ing panduluku mung katon wewayangane bapak, ibu, lan adhiku loro pisan, sing saiki padha mapan ana njero kuburan jejer papat ing ngarepku. Deres wetune eluhku kaya dineres, ora bisa dakbendung maneh. Nganti sauntara. Nganti aku wis kasatan eluh. Nalika iku Pak Lik ndhodhog ana sisihku, ndemek pundhakku karo ngucap, “Anakku, Ngger, ora mung kowe sing urip ijen. Aku kadangmu sing nunggal nasib, kalebu Pak Likmu iki.”

Aku noleh nyawang Pak Lik ....

“Dados …?”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

291