Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/306

Kaca iki wis divalidasi
BOJOKU PINDHAH Rini T. Sudewo

Wis meh jam sanga bengi, nalika hp-ne bojoku muni, mratandhani ana sms sing mlebu. Aku lan bojoku sawang-sinawang klawan tegang, sadurunge dheweke nyandhak hp-ne sing banjur dibukak. Aku nyedhak melu maca isine sms sing lagi wae mlebu kuwi.

Samudi KPPN Sekayu, Suryanto KPPN Tanjung Pinang....

Mung kuwi sing bisa dakwaca. Sateruse mripatku blawur dening eluh sing makbrebel tumetes sanalika. Bojoku dakrangkul kenceng, eseme sepa, praupanne tanpa ekspresi.

“Ngendi kuwi, Pak?” pitakonku klawan swara gemeter.

“Embuh. Sik, daktakon Ndaru,” wangsulane bojoku njur mijeti keypad hp-ne, kirim smms maneh. Sauntara iku aku thenger-thenger lungguh ing sisihe. Kaya ora percaya. Impen ala sing sasuwene iki tansah disingkiri lan diajab aja nganti ana kuiwi, jebul saiki, dadi kanyatan tenan. Sekayu, kutha ing pulo ngendi kuwi? Sak jeg jumleg aku kok durung tau keprungu.

Sakjane wis ket sore mau bojoku bola bali nampa sms saka Ndaru, kanca kuliahe sing saiki nyambut gawe ing Departemen Keuangan Pusat. Jarene SK mutasi kanggo lulusan Prodip Anggaran angkatane bojoku wis resmi mudhun. Mutasi rutin kaya adate sing klakon saben limang taun sepisan. Kaya sing uwis-uwis, pegawe sing dhines neng Jawa bakal dipindhah nyang luar Jawa, semono uga suwalike sing saka luar Jawa genti pindhah nyang Jawa.

Yen nem taun kepungkur nalika nampa SK mutasi aku lan bojoku sujud syukur amarga bisa pindhah saka Palu menyang Surabaya, saiki ora. Jantungku rasane kaya arep ngglundhung nalika maca sms-e Ndaru dhek sore mau. Ketir-ketir nadyan kudune aku wis siap jer bojoku pancen wis taun suwene neng Jawa lan saiki gelem ora gelem gentenan karo kancane sing isih neng luar Jawa. Ning rasane kaya wegah wis kadhung ngrasakake kepenake manggon ing Jawa, cedhak wong tuwa lan sedulur. Kamangka, resiko kaya ngene iki wis dakweruhi nalika bojoku nglamar aku pitung taun kepungkur, resiko duwe bojo Departemen Keuangan

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

293