Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/309

Kaca iki wis divalidasi

“Ibu janji, Pak, embuh mbesuk piye caraku ngatasi, sing baku bocah-bocah bakal suda katresnane. Muga-muga wae padha isa ngerti lan ora rewel. Sing penting Bapak dhewe neng kana ngati-ati merga ibu ora isa ndherekne. Maeme dijaga, aja nganti keladuk, istirahat sing akeh, aja kakehan mikir ben tensine ora mundhak,” kandhaku.

Bojoku mesem, “Nek Ibu tatag, bapak malih lega lila…” kkandhane karo ngelus-elus sirahku.

Bandara Juanda Surabaya, jam pitu esuk wis rame dening calon penumpang sing wira-wiri arep lunga. Pesawat Lion Air sing bakal ditumpaki bojoku budhal jam songo mengko. Saka Madiyun, aku sakeluarga bakal budhal jam telu esuk nyarter mobile tanggaku, saperlu nguntabake bojoku budhal pindhah nyang Palembang.

Sadurunge check in, bojoku iisih kober jagongan karo anake. Cah loro dipangku kiwa tengen. “Suk yen Bapak wis tindak, Mas Ardi njaga Ibu karo Adhik lo ya. Ora pareng nakal, adhike ora pareng ditukari. Kudu manut ngendikane Ibu. Nek kangen Bapak, telpun ya. Rak wis isa maca ta. Nek Bapak kirim sms, suk diwaca dhewe.” Bojoku nuturi anake. “Terus Dhik Lia ya ngono, ora pareng rewel, ora pareng nangis nggoleki Bapak merga Bapak tindak, golek dhuwit nggo sekolah adhik.”

“Aku gak nangis kok, Pak. Ngko bengi aku bobok karo Ibu,” kandhane Lia cemlewo.

Sakjane aku ora kepengin nangis, ning eluhku angel dak ampet wetune. “Bu...” swarane bojoku alon, meh ora keprungu. Sajak ngerti yen sedhela engkas bapake arep budhal, anakku loro pisan ya terus padha prembik-prembik melu nangis. Bapake dikekep kenceng. Wong papat sidane tangisan bareng.

“Ngati-ati ya Pak.” welingku klawan swara serak. Bojoku manthuk. Bathukku diaras alon. Anake loro disun siji-siji. Banjur tangane ngaweawe sadurunge mlebu ruang tunggu. Aku unjal ambegan landhung karo ngelapi eluhku. Bocah loro dakgandheng metu. Bojoku wis ora katon.

Lan nalika pesawate take off rong jam candhake, mak syiutt rasane separo nyawaku melu katut mabur menyang bumi Sriwijaya. Jroning batin tansah dak dongakake, enggal balia maneh, Pak. Aku lan anak-anakmu tansah ngantu-antu tekamu...

Jaya Baya, No. 22, Minggu IV, Januari 2007

296

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010