Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/313

Kaca iki wis divalidasi

sebageyan sing ora percaya, nanging luwih akeh sing percaya. Sing ora percaya ditantang lewat gang kuwi tengah wengi ijen. Wani aapa ora? Nyatane ora anaa sing wani siji-sijia.

Aku dhewe sakjane ora pati percaya. Mosok ana gang maut sing gawate kaya kuwi. Ning arep mbuktekake carane kepriye? Aku isih ngenteni wektu kannggo golek sisik melik. Aku arep mbuktekake kanyatan sejatine. Sing bener panemuku apa panemune Kang Giman lan sebagian warga kampong liyane. Pirang-pirang dina pitakonan iku daksimpen ing pikiranku. Aku keepengin mbuktekake dhewe mlaku-mlaku lewat gang Gang Pace. Mula, wiwit sesuk-esuk anggonku lari pagi lewat gang pace.

Esuk iku nalika aku playon ijen dadak daksumurupi Pak Zaelani karo Bu Zaelani melu jalan-jalan pagi. Ya wektu kuwi Pak Jaelani tiba. Amarga sing ana dalan kono mung aku karo Bu Zaelani mula Pak Zaelani daktulungi. Dak dhabyang, dakgotong minggir, lan dakaturi lungguhan pinggir dalan ditunggoni Bu Zaelani. Kulawargane enggal dakceluk. Ora let suwe wis teka mobil lan nggawa Pak Zaelanmi menyang rumah sakit.Krungu kuwi, warga kampong was-was. Aja-aja bakal ana maneh kurbane Gang Pace aut. Kabeh mbatin lan ngira yen Pak Zaelani bakal dadi korban kang angka papat. Nanging, pandugane wong-wong bakal mleset.

Nalika aku tilik ing rumah sakit, kahane Pak Zaelani saya becik. Aku ngunjukake syukur Alhamdulillah. Saka putra-putrane aku entuk katerangan kang banget wigati. Manut katerangane Pak Dhokter Siswandi sing ngrawat Pak Zaelani, Pak Zaelani kuwi wis telad anggone jalanjalan pagi lan olahraga. Kudune nindakake olah raga kuwi wis wiwit enom. Ora susah ngenteni tuwa lan pikun lagi gelem lari pagi utawa jogging. Jogging, lari pagi lan olahraga liyane penting banget kanggo kesehatan mula perlu dikulinakake. Udut klembak menyang, lek-lekan kliwat wayah, aras-arasen olehraga kuwi pakulinan kang ora becik. Mula, Pak Dhokter Siswandi meling supaya ngulinakake urip sehat.

Saiki aku lagi entuk wangsulan pitakonan sasuwene iki. Anggone piyayi-piyayi sepuh kuwi cepet-cepet seda, ora merga gang Pac sing gawat, ning merga padha telad anggone wiwit olahraga lan kurang ngatiati njaga kesehatan.

Jaya Baya, No. 27, Minggu I, Maret 2007

300

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010