Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/317

Kaca iki wis divalidasi

Nalika iku omah kono kanggonan arisan ibu-ibu PKK. Regeng, padha ngomong ngalor ngidul. Bareng Bu Dewi anguk-anguk mburi, weruh Pak Midin sing lagi sisik-sisik pring.

“Siapa tuh Jeng?” pitakone.

“Itu kenalan Mas Karsono dari desa. Mau cari kerjaan di Jakarta sini,” wangsulane nyonya rumah.

“Cari kerjaan?!”

“Sttt...”, komentare nyonya rumah karo penudinge ditempelake lambe.

“Lho, kenapa Jeng?”

“Udah…udah… mari duduk kembali,” nyonya rumah semu gugup. Pembantune sing krungu padha mencep...

Kabeh iku dirungokake Pak Midin, dhadhane terus kaya didhodhog. Ning, nadyan atine murup diampet sabisa-bisane. Batine, “O, genahe isin duwe maratuwa aku. Pancen aku wong ndesa. Dheweke rumongso banget kecenthok atine. Dheweke terus kelingan cilikane Karsono. Arep mlebu SMP wis ditinggal mati emboke. Kepeksa ngopeni dhewe. Tujune bocah iku pinter sekolahe, lan akhire bisa dadi wong kaya saiki. Ning saiki iki bareng dirasak-rasakake, dheweke kok rumangsa saya ora krasan melu anake kuwi. Kok kaya ancik-ancik ing pucuke eri wae.

Dina setu candhake karsono neng ngomah. “Dos pundi Pak? tindaktindak malih napa dos pundi?” pitakone.

Wong tuwa kuwi terus ngebrolne niyate sing wis dirancang thariktharik bengine. “Ora Nang, iki anggitku ngene. Rehne olehku ana kene iki wis sawetara dina, takdelok kahananmu ya wis kepenak, mbok aku ki gek bali terna mulih wae,” kandhane Pak Midin.

Karsono kaget, kok bapake wis njaluk diterke bali, Apa ana sing ora beres? Ning bareng dipikir-pikir, kekarepane bapake iku becike dituruti. Mula, minggu esuk sawise sarapan lan tata-tata, banjur budhal ngeterake wong tuwane kuwi.

Bali urip ing dea, esuk-esuk langit wetan katon sumburat abang. Pak Midin manggul pacul budhal menyang sawah. jagunge wis wayahe ngundhuh, parine wis bubar tandur, katon ijo royo-royo. Atine wong tuwa kuwi krasa cles...

Sorene, nalika lagi jagongan saanakputune neng jrambah, dikagetake tekane sedhan menggok ing plataran omah. Kato nana pawongan lanang wadon mudhun nggandheng bocah cilik, langsung terus padha mlebu ngomah, saperlu ngabekti.

Pak Midin ora bisa kumecap apa-apa. Gorokane kaya kecengkalan watu sawungkal. Ing pipine tumetes eluh bening, eluh kabungahan. “O, Karsono, kowe gelem teka sakbojomu pisan, Nang…” pangudarasane wong tuwa kuwi.

Jaya Baya, No., 21, Minggu III, Januari 2007

304

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010