Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/319

Kaca iki wis divalidasi

klesak-klesik dianggep ngrasani dheweke. Ngono mau apa ora jeneng kesiksa lair lan batine.” “Nuwun sewu Pak,” sambunge Hhandy sinambi neceg awu rokok ana asbak, “punika rak nembe isu, praduga menawi kula katut kesangkut korupsi. Dados dereng wonten bukti inglang akurat.”

“Kuwirak panemune para politikus kaya sliramu,” jawabe Pak Dwija. “nanging, tumrap bocah saukurane Ratih rak durung nyandhak. maca warta kang dimot nang Koran sing cetha nyebut jenengmu melu kesangkut, wis dudu wewadi maneh tumrap masyarakat. Coba nang sekolahan wae wis dadi critan. Ora mokal yen ratih nandhang wirange.”

“Leres Pak, nanging sedaya wau wonten ing proses pengadilan mangke ingkang badhe nemtokaken. Prosesipun panjang tur dangu,” Handy isih ngeyel mbela dhirine.

“Aku ngerti karepmu,” maratuwane emoh kalah, “sliramu sakancamu bisa wae dolanan hokum. Golek celah-celah hokum kanggo endha, upamane bar divonis njaluk banding, ditolak bandhinge kasasi, rak ngono ta karepmu. Kuwi rak kowe sing wis njarag. nanging welasa anak lan keluargamu. Rungokna tangise Ratih yen ana kancane sing nylethuk, “Ya wae bayare SPP lancer, sandhangane apik, sekolah numpak sepedhah motor, wong bapakne koruptor. Sapa wonge sing ora kejojoh atine,” Pak Dwija saajak mojokake mantune.

Handy meneng nggeget untu, rumangsa melu kenyunyuk atine krungu panyakrabawa saka kanca-kancane ratih. Keparat, ngono batine.

“Bapak dhisik wanti-wanti, sing ngati-ati, aja keli ombyake jaman. Sing teguh imanmu, aja mendem jabatan, aja kesengsem bandha donya, aja melu ngedan ing jaman edan iki. Pira suwene dadi anggota DPRD, orang wurung ya bali neng tengah-tengahing masyarakat maneh. Yen leren mambu wangi iku apik, ning yen mambu bathang, sing nyangga wirange ora mung awakmu. Kulawargamu, anak-bojomu sing ora ngerti kenthang kimpule iya melu sengsara. Buktine Ratih kuwi.” Isih akeh maneh pangandikane Pak Dwija marang mantune sing sajak wis ora bisa ngunggahi rembug maneh kuwi.

“Punika sampun ngajjengaken ujian akhir, rak inggih eman-eman menawi Ratih mogok sekolahipun,” Handy ngenggokaken rembug.

“Pancene ya ngono, ning wis ora kena dieluk,” wangsulane Pak Dwija.

“Cobi, mangke kula wicanten piyambak kalihan Ratih,” ujare Handy.

“Kena, iku hakmu wong Ratih ya anakmu. Mung poma dipoma aja nganti nganggo tembung sing kasar, salah-salah bisa nuwuhake akibat kang kurang becik,” welinge maratuwane. Meneng sedhela tanpa sabawa, keli ana pangangene dhewe-dhewe.

Dumadakan keprungu gumerite rim becak ana latar, Ratih lan eyange teka. Sawise salaman karo bapakne, ratih enggal memburi njupuk unjukan

306

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010