Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/322

Kaca iki wis divalidasi
KLELEP Trinil

Udan deres, Kolip meksa budhal nyang tambangan Pocuk. Sak ben kepethuk wong mesthi menggak, “Wong udan-udan koyok ngene kok nekad ae se Cak Kolip, rika iku?” Kolip nek meengsem thok gak nyauri. Pancen dhasare Kolip iku gak patek ngrekenan nang uwong sing dianggep mek abang-abang lambe ae. Butuhe budhal nggawa sepedha montor katene ngojek, pikirane mek siji: Udan-udan mesthi onok wong botuh ojek, utamane sing kadhung lelungan.

Torut tanggul Bengawan Solo Kolip nyendhali sepedha motor ojeke merga dalane koyok bobur lemah, sampek sleyat-sleyot keplorot-plorot, Kolip tetep nekad, setirane pancet tegen, pikirane manteb nuju tambangan koyok-koyok onok sing nyeluki, yaiku wong sing kadhung nambang, mungguhe mesthi golek ojegan. Upama wong liya udan deres koyok ngono ya mulih mlungker ae neng omah. Kolip ya tau ae ngrasajne males, tapi Kolip wedi nuruti males, wedi nek disingkiri rejeki.

Tekan tambangan Pocuk, Kolip weruh wong tuwek lanang gegere bongkuk ngebak neng babakan gedhek katene nyabrang. Kolip bengokbengok nggoleki Matolan sing duwe prau, gak ana wong semaur.

“Lan....Mantolan, Lan...onok wong nambang I lo....” Tetep gak onok sing nyauri. Kolip gak srantan, sepedha montor dijagang, prau disaut, tambang digayuk, prau dijejeg dhewe karo mbengoki wong tuwek sing ketok kesusu iku.

“Yai...Yai! Ojok ngebak sik Yai, entenana sik, bak-bnakan wis kelem ngono kok hoooeee…! Yai ...miline banter lho Yai..kentir temen lo pena engkuk...” wong tuwek iku gak ngreken. Nek gak ngono ya pancen wis tuno rungon.

Kolip gak betah ngempet kuwatire nang wok tuwek iku. Mara mak jleburr..Kolip njegur bengwan Solo sak mono jerune iku, perlune ngalangi cekat-ceket ndang nyaut wong tuwek sing wis budheg tur pekun iku.

Kolip kaget, banyu bengawan asat ndadak, malih ngadeg nang tengah dharatan amba, sukete ketel ijo royo-royo padha ngembang pating pletik, onok wong tuwek rupane persis koyok sing kate nyabrang mau,

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

309