Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/323

Kaca iki wis divalidasi

tapine sandhangane sarwa potih, iket-iketan parang potih kaya pangeran-pangeran ndhuk critane Kangjeng Sepuh Sedayu.

Onok dalan cilik apik ditatani krekil alus-alus. Dalan cilik iku dawa, adoh, tapi asri disawang, paranne neng sakwijine regol eling regole kraton nang Indhia Mahhabharat. Wong tuwek iketan parang potih iku mbagekna tekane Kolip, ngejak Kolip mlaku torut dalan alus iku neng regol mau. Regol mbukak dhewe, Kolip mlebu. Kolip melok wong-wong liyane sing ngadeg jejer-jejer koyok wong ndelok arnaval nang kampong pas pitulasan ngokok ika.

Gak onok sing tolah-toleh, kabeh ngadeg jejeg madhep mengarep ndelok prosesi sing liwat nggal siji, orot tharik-tharik gak ana sing gontokan rebut ngarep. Kolip malih sungkan, melok meneng anteng ngetutna barisan wong liwat koyok karnaval iku.

Kolip ngucek mripate, gak percaya ambeg sing didelok. La kok onok Cak Su sing panggaweyane dadi tukang patri nang Pasar Bungah. Pas liwat kono ya mekul pirantine wong matri koyok biyasane ika. “Lo Cak Su lak wis mati biyen?” batine Kolip. Dorung mari olehe gumun, dadakan kacek wong papat ngono, Wak Gus Tiar sing mlaku alon-alon, tangane tengen nenggoluk pacul, sing kiwa nyangking arit, persis koyok sing diwerhi Kolip patang taun kepongkur.

“Kesah sabin, a, Wak Gus?” Kolip nyapa. Nik biyen Wak Gus Tiar nyauri, “Enggih Dhik Kolip, ndhangir jagung kajenge ageng uwohe.” Tapi saiki Wak Gus Tiar gak nyauri, Meneng ae. Mlaku terus gak noleh gak barang. kolip malih kamitengggengen.

Mburine Wak Gus Tiar onok wong wolu, onok sing pincang, onok sing wuta, onok tukang cakur, bakul jamu, onok sing ngendhit boran, onok sing mekul uyah, onok sing nyongun tampah, onok uga sing nyangking tas kathik sepaton barang. Kolip koyok tau eling wong iku. Sapa yak kok raane tau kepethuk? Apa Wak Gus Mantri? Batine Koip. Mara Kolip kaget maneh nyawang sing nang mburine wong koyok mantra mau.

Nik wong iku Kolip gak pangling, iku genah Man Kadis, nggawa jala, mlakune rodok ngoncog, pancen ya ngono iku Man Kadis. Gak patek ngomong tapi nek njala mesthi paling akeh olehe.

“Nde, Man Kadis! Kate njala nang endi pena iku?” sing disapa gak nyauri, Kolip mbengoki maneh tambah karo ngawe-awe barang, “Nde Man, Man Kadis! Bruwok! Kathik ipok-ipok gak krungu, rek?” Kolip sampek lunjak-lunjak.

Dadakna Yuk Rom sing gawene ngutangi dhuwik anakan ya melok mlaku nang mburine Man Kadis, melok karnaval iku. Yuk Rom mlaku ngidit megal-megol nggawe jarit cekak, kudhungan jonir apu, nyangklong tas kolit imitasi isine buku cathetan, polpen, wedhak, benges karo dhompet

310

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010