Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/324

Kaca iki wis divalidasi

nyempluk gedhe kebek dhuwik olehe nagihi sak ben dina. Tangane tengen nggawa paying tekukan.

“yuk Rom! Nde, noleha Yuk Rom, aku Kolip Yuk…!” Yuk Rom gak ngreken, tambah ngempit payunge, terus mbukak tas, njokuk dhompete, dibukak, dhuwike ditukokna, dieting torut dalan ambek dhiluk-dhiluk ndilati drijine cik gak garing gawe ngosut dhuwik kertas sakmono akehe iku.

Kolip tambah gemes ndelok tingkahe Yuk Rom, randha sogih sing bengesan mblenger iku. Kolip langsung nrombol maju miyak wong sing nang ngarepe, kate nyablek Yuk Rom. Lagek oleh sak jangkah, Kolip diseret wong tuwek iketan parang potih mau. Kolip krasa dijungkrakna sampek tiba mencelat metu teka regol.

Ddadakna njabane regol malih dadi banyu bengawan maneh. Bengawan Solo sing nepaki banjir gedhe, miline banter. Kolip lali nek iso nglangi, bengung kate ngobahan sikile gak isok, awake lemes, wetenge mlembung, kudu mutah. Bengok-bengok njaluk tolung , tapi matane abot gak ketok apa-apa, Awak rasane mbedhedheg kadhemen, ndhase ngelu, dhadhane ampeg, cengele kaku. Tibake mara-mara krasa onok sing irunge, nyedhot cangkeme.

Kolip glagepan, keselak-selak sampeh mutah banyu buthek sak jogan. Kolip melek, nyawang kiwa tengene, onok wong akeh, kabeh padha surak.

“La…orip areke…hore….Kolip orip, rek…”

“La…sokur koen jik orip Lip…Kolip!”

“Lip, Kolip! Slamet koen Nak, kok gak dipangan bajul lak ngono?”

Oalah Lip..koen ngono mari mati klelep meh sak jam koen Lip..!”

Bojone Kolip mara nggapyuki Kolip karo nangis mbungahi sing lanang jik orip. Anake loro ya melok ngrangkul kolip.

“Hore,…bapakku slamet, bapakku gak sida mati, hore…” jare anakanake Kolip.

“Wis ndang selametan lo sesuk Dhik Kolip, jik diparingi panjang omuir, sepedha montor ya jik slamet, jik kenek digawe golek dhuwik!” kandhane Wak Petinggi.

“Enggih Wak Inggi, matur kasuwun lo Nggi…?!” bojone Kolip nyauri.

“Ya wis Dhik Kolip, dhik Yah, aku tak balik dhisik ya? Mbesuk maneh diati-ati!” Wak Petinggi molih diuntabna Komariyah, bojone Kolip. Tangga-tangganne ya padha entek molih kabeh. Kolip jik lenger-lenger koyok wong mari ilang disengitna wewe ae. Bengi iku, sakwise ngalami mati klelep sedhiluk, Kolip malih gelek meneng ae. Gak brawokan kaya biasane. Kolip jik iling-ilingen karo olehe kepethuk Cak Su, Wak Gus Tiar, Man Kadis, uga Yuk Rom. Kabeh iku

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

311