Kaca iki wis divalidasi
mau gak onok liya ya tangga-tanggane sing wis mati pirang-pirang taun kepongkur.
Kolip ya kober crita nang sing wedok, “Dhik, aku mau wis ndelok akherat, tapi aku ngramen-ngrameni mulane aku dijungkrakna nang donya maneh…” terus nangis.
“La olah apa pena kok nangis Cak Kolip, laky a tambah kebeneran pena jik isok ngopeni arek-arek, wong arek jik cilik-cilik ngono?” Komariyah ngelus bojone.
“Aku wedi Dhik, tibake apa ae sing dilakoni menungsa nang donya, nik nang akheraat ya dipratekna kabeh, didelok wong akeh, gak onok sing kenek disengitna!”
Jaya Baya, No. 23, Minggu I, Februari 2007
312
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010