Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/327

Kaca iki wis divalidasi

bisa dinalar kanthi logis. Anak-anakku kabeh melu aku lan aku ngopeni ijen. Kanthi meres kringet lan ngetog tenaga kanggo nyukupi kebutuhane wong papat, kalebu aku. Masalah siji bisa tak tanggulangi, banjur mecungul masalah liyane. Mangkono gilir gumanti. Ya abot pancen. Pranyata aku bisa nanggulangi nganti anak-anakku gedhe.

Saiki anakku sing loro wis mentas. Wis omah-omah. ya mung sing ragil sing durrung. Isih kuliah ing semester pungkasan. Aku rumangsa mulya bisa nggedhekake anakku kanthi becik senajan mesthi wae ana kekurangane. Prahara panguripan sing wis daklakoni wis nguwohake asil sing apik ing pungkasane. Lan anakku, mutiaraku bisa kasil lulus ing satengahe panguripan sing kebak prahara kuwi.

Tugasku saiki wis rada entheng. Wragad kuliahe anakku ragil saperangan gedhe wis ditanggung dening kangmas-kangmase sing wis nduwe gaweyan mapan.Ing kalane aku dhewekan kaya saiki iki pikiranku kerep nrawang adoh. LLan kenangan mangsa kawuri kerep kumlebat. mencungul gilir gumanti. Maangsa-mangsa kang kebak kaendahan bebarengan karo sliramu. Ing sawijining wektu, nalika kita pacaran ing kali bening sing akeh watune. Tresna pancen endah kaya merpati Bisa keblabak. Lan ati bisa mabur dhuwur ing awing-awang. Kadya nonton sesawangan khayali sing nengsemake.

Tresna aweh katentreman marang jiwa. Rumesep ing dhadha.Nukulake mutiara-mutiara tembang panguripan. Tresna uga nuwuhake rasa tresna asih jroning spectrum-spektrum sing sorote maneka warna. Wirama-wirama gumbira sing banget mranani ngrasuk telenging ati tumekane saiki. Kaya tumetese bun sing nelesi garinge ati iki.

“Apa awake bakal terus?” kandhamu wektu iku.

“Iya!” aku manthuk mantep.

Langit nglangut. Hawa adhem njekut.

“Kowe yakin?”

“Ho-oh!”

Uripe manungsa pranyata ora bisa diatur miturut kekarepaning ati. Akeh faktor sing nyebabake cita-cita ora kasembadan. Kuwi nasib, jarene. Uga iradat kersaning Allah.

Bumi bisu . Seksi lestari sadawaning wektu.

Separo umurku wis dakliwati. Anakku wis padha dewasa lan singloro malah wis mentas. Nanging geneya aku isih tetep durung bisa nglalekake siramu? Sawijining tresna sing ora bisa dakpahami kejaba dakrasakake. Ah, kenangan sing nggodha aku ing kalane ati iki garing aking. Sliramu mujudake melodi endah sing bisa nentremake atiku, perasaanku. Sliramu mutiara sing tembung-tembunge banget nglelipur lan nentremake atiku.

Mas heru, apa sliramu krasa yen wektu iki lagi takangen-angen? Sliramu asring takangen-angen saderma kanggo ngisi rasa sepiku sing

314

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010