Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/330

Kaca iki wis divalidasi
NYOLONG PETHEK Ary Nurdiana

Lek ngene iki kabeh dadi katon. Dhuwit sing dhek sesasi kepungkur disilih Yu Jem, sing rong sasi kepungkur disendhal Kang Gimun, lan sing lagi wae rong minggu kepungkur dienggo adhiku kanggo nambakne ponakan sing mlebu rumah sakit, kabeh dadi katon. Bareng awake dhewe butuh ndadak, babar pisan ora ana sing tetulung.

Lagi esuk mau anakku telpun yen butuh dhuwit kanggo budhal njupuk dhata akhir skripsine. Quesioner sing kudu diisi dening PPL kang dadi obyek penelitiane kudu enggal diisi. Kaamangka pangonane adoh, ana Wonosobo. Yen njupuk dhata ora cukup sedina rong dina. Paling sithik ya patang dina. Lan iku ora cukup yen mung sangu satus, rong atus ewu, nanging paling sithik kudu nggawa dhuwit setengah yuta.

Saliyane iku lagi wae oleh warta yen adhine bojoku arep mantu. Kaamangka mantu anak mbarep, dadi rada gedhen-gedhen, kathik naggap wayang kulit amarga ngiras mbukak lan ngruwat. Iki ngono diutamakake dening keluwargane bojoku sing ngugemi adat Jawa tus. Yen anak telu wadon kabeh kudu diruwat.

Mesthi wae aku rada moncat-mancit merga nalika aku mantu anakku sing mbarep biyen sing moncat-mancit.ngurusi ya adhine bojoku iku. Mula, saiki ganti aku sing moncat-mancit. Wiwit saka persiapan pawon nganti ngarep babagan undhangan sing bakale cacahe sewu wong kuwi.

Mumet! Nalika bojoku dak kon nagih mmenyang omahe Yu Jem, semaure entheng, “Urung duwe lho Kang Parmin. Telungane Dhik Guru sing nampa bayar saben sasine. Wis ta, mengko yen panen ngarep iki kasil dak saur,” mengkono semaure Yu Jem.

Kang Parmin mung unjal ambegan dawa, arep kepiye maneh, wong pancen panen sasi iki gagal. Hasile ora cucuk karo olehe ngetokake ragad kanggo rabuk. Mulane Kang Parmin ya ora bisa nesu.

“Tenan ya, Yu. Dhuwit kuwi arep kanggo tambah ragad mantu adhiku sing ana desa Mbroto kae lho...” kandhane bojoku karo pamit.

“Ya, pokoke panen ngarep ya. Dongakna kasil...”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

317