Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/333

Kaca iki wis divalidasi

Mbak Ida lan garwane nalika mulih ninggali dhuwit limangatus ewu. Aku maturnuwun banget amarga wektu iku pancen aku butuh dhuwit kanggo nebus obat. Saiki riyaya lagi pirang sasi?

“Bukaken, apa wartane?”

“Iya, Kang.”

Amplop dakbukak, banjur isine daktokake saka amplop. Aku karo Kang Parmin ora bisa guneman. Jebul isine dhuwit sakyuta. Ana kertas cilik sing nylempit ing antarane dhuwit iku ngemu tulisan sing nrenyuhake ati.

“Ndhuk...dhuwit iki enggonen tuku obat. Muga-muga tansah diparingi sehat dening Gusti Allah. Amiin!”

Aku karo Kang Parmin mung bisa pandeng-pandengan. Ora sranta luh tumetes ana pipiku. Allaahu Akbar!

Jaya Baya, No.24, Minggu II, Februari 2007

320

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010