Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/334

Kaca iki wis divalidasi
SAUPAMA
Ekapti Lenda Aneta

Jam tembok ukiran Jepara iku wis keprungu gemonthang kaping sewelas. Syukuran prasaja katampane Wimar dadi dosen ing sawijining instansi pendidikan wis rampung watara setengah jam kepungkur. Tamutamu wis padha bali. Nanging lampu robyong ing tengahing ruwangan iku isih kencar-kencar. Iya, isih katon padhang nyunari ruwangan kono. Lampu iku minangka seksi tumraping Wimar, ibune lan sedulur-sedulure kabeh sing isih padha gojek ing ruwangan iku.

Sauntara iku, ing sofa ruwang tamu sing mung diwatesi sketsel ukiran, Darmadi lungguh ijen. Sorot mripate sing getir sok-sok nembus sela-selaning sketsel nyawang anak-anak lan sisihane sing isih padha gojeg ing ruwangan tengah.

Jujur wae, dheweke pancen rumangsa meri lan kesisih ... nyawang sesawanga ing ngarepe iku. Batine wong lanang setengah umur iku kaya kejojoh-jojoh nyawang gojege anak-anak lan sisihane ing ngarepe. Batin iku mencungul saka rasa-rumangsane dhewe sing wis tumindak luput ing wektu-wektu kang wus kawuri. Ah, saupama wae kaluputan kae ora tau ditindakake, tamtu wengi iki dheweke uga bisa gojeg ing tengah ruwangan kasebut. Ora kudu dhewe ing ruwangan seje kaya ngono kuwi.

Darmadi mengo menjaba. Katon abyore lintang ing ndhuwur kana. Sajake kanthi cara mengkono, dheweke kepengin ngipatake gorehing batine. Mung wae, ing batin dheweke isih rumangsa begja duwe Wuri, sisihane lan Wimar gelem methuk dheweke ing kantore rong dina kepungkur. Beteke mung kepengin ngandhani anane syukuran Wimar iki mau.

Nanging dikaya ngapa Darmadi krasa yen tetep kaya ana sing kurang jangkep. Ana sing ilang ana dhasaring batine. Kang ndhisik tau nduweni bebarengan karo sing padha ana sing ana ruwang tengah iku, nyatane saiki kapeksa ora ana. Saupama, ah, saupama dheweke ora nindakake kaluputan kaya sawetara taun kepungkur kae ....

“Pak ..., ayo ta, nyang ruwang tengah. Bocah-bocah kepengin foto bebarengan ...” Dumadakan Wuri wis ana ing sisihe. Darmadi kaget

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

321