Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/336

Kaca iki wis divalidasi

lali wewatesing kekancan lan usaha. Nganti sawijining dina Darmadi nembung marang sing wadon yen dheweke kepengin omah-omah maneh. Alesane, kepengin duwe turun lanang sing bisa nerusake usahane. Awit anak wadon bisane mung nangis lan dandan, ngono jarene. Lan, bale wismane Darmadi ajur nalikane Darmadi ngrembug yen Wuri bakal dimaru. Wuri pilih pegatan wae. Bale wismane mung bisa umur 17 taun.

Saiki Darmadi lagi bisa mikir kanthi wening. Nyatane anak wadon mono ya bisa njunjung drajade wong tuwa. Emane pamikir mau mencungul kok sawise pepisahan 12 tun kepungkur.

Nilam, anak mbarepe, saiki dadi pengusaha iklan sing sukses. Ratri, anake sing nomer loro, ya dadi wong kasil. Dheweke nyambut gawe ing babagan marketing alias pemasaran ing sawijining perusahaan. Bakate kasebut jan manjilma temenan. Pelanggan perusahaane saya dina saya mekar. Mula lumrah yen Ratri dadi wakile bos-e.

Dene Wimar, anake wadon sing ragil, sing lagi umur sepuluh taun nalikane ditinggal Darmadi, mentas diwisudha lan bakal kaangkat dadi dhosen ing kampuse. Kajaba Wimar, anak wadone loro wis padha omah-omah. Padha entuk sisihan sing mapan lan padha menehi putu sing lucu-lucu.

Lan Tika, ya wanita sing pantese dadi anaka Darmadi, sing banjur dadi sisihane, nggenteni kalungguhane Wuri iku, pancen ya duwe anak lanang temenan. Emane, anake iku mekar kadewasane ora sabaene. Tinakdir dadi bocah idheot sing bisane mung ngompol lan ngengek ngenggon, sanajan umure wus wolung taun.

Sing nganyelake, Tika sajake isin nyawang anake dhewe. Anake tansah didhelikake wae ana ing njero kamar. Tika ora tau ketok momong anake. Aja kok momong, wong nggendhong wae ya ra tau. Apa maneh nglela-lela ing ngarepe bapake.

Jujur wae, Darmadi rumangsa keduwung. Saupama wae wiwit biyen kae dheweke wis mangerteni nek anak-anak wadone bakal dadi pawongan pinunjul! Satemene wae dheweke ya wis mangerteni nek Wuri kuwi sawijining wanita sing jempolan. Mesthine, anak-turune ya ora adoh karo ibune. Kudune, dheweke ya ngerteni. Saengga ora perlu nganti ninggal anak lan sisihane. Lan, Darmadi kudune ya percaya yen anak-anake ya bisa nerusake usahane.

Menawa kaya mengkono, mesthi kahanane saiki ora kaya saiki. Usahane saiki mundur merga dheweke kerep lara. Tika dhewe sing biyen digegadhang bisa majokake usahane malah saiki wis ora nggape maneh. Karemane mung paes lan ngobral dhuwit kanggo shoping. Seje banget karo Wuri. Tur maneh, anak lanang sing digegadhang bisa dadi sulihing bapakne, jebul mekaring kadiwasane ora normal. Aja maneh dadi pimpinan tumraping atusan karyawan, lha wong ngurusi kebutuhane dhewe wae ora bisa.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

323