Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/337

Kaca iki wis divalidasi

Sing marakake Darmadi rumangsa dosa, dene sikepe anak-anak lan tilas sisihane iku panggah ngajeni dheweke. Sethithik wae ora katon nesu utawa gething. Kamangka ora luput yen Darmadi digethingi lan diunenuneni. Nanging Wuri ora mengkono, dheweke panggah aweh conto marang anak-anake yen panggah kudu ngajeni Darmadi. Sajake kabeh wis padha nglalekake anggone tau ora netepi bebener.

“Wis ta lah, awake dhewe ki wis umur. Wis ora trep yen tansah nguthik-uthik apa sing wis njlaret ing batin. Wis ayo padha dilalekake wae kang kedadeyan kepungkur iku,” kandhane Wuri sore mau.

Ora mung kuwi thok, Wuri wiwit mau uga tansah ngancani dheweke kanthi crita werna-werna. Sajake wanita iku pancen nyimpen crita mligi kanggo dheweke, crita sing wis sumlempit ing atine mataun-taun lawase.

Lan ing waliking batin sing keduwung mau, ana pangrasa anget kang mrambat ing batine Darmadi. Dheweke rasane wis wegah bali. Dheweke kepengin wengi iku ora ana enteke. Kepengin terus cecaturan karo tilas sisihane lan anak-anake.

“Pak ...,” iki sing dirungu kaping pindho wiwit Darmadi lungguh dhewe mau.

Darmadi bali mlengak bareng krasa ana sing ngepuk-epuk pundhake. Wimar wis ngadeg ana ing sisihe.

“Apa, Wi?” pitakone Darmadi kanthi swara geter.

“Ayo, dakterke bali, wis jam rolas kliwat ....”

Dumadakan ana banyuteles mblereti pipine. Darmadi ngerti, sedhela engkas banyu iku bakal nelesi pipine. Ah …, saupama dheweke ndhisik ora njaluk neka-neka. Mesthi wengi iki dheweke isih isa panggah ana kono. Nganti sesuk. Nganti kapan wae. Lan, Wimar ora usah kerayaraya wengi-wengi ngeterake dheweke bali. Ah ..., saupama wae ....

Jaya Baya, No. 20, Minggu II, Januari 2007

324

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010