Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/342

Kaca iki wis divalidasi

“Umak-umik kae jane aku nglairake batinku, nyuwun ngapura marang Mbah Maridjan, kok asmane nggo sembarangan,” jawabe Mashari.

“Dadi ora kok dongani?”

“Kapan awakmu ngerti aku bisa ndonga?”

“Nanging ya mandi ngono. Mau jare sing ngeterake kiriman, warunge saiki rame lan laris. Perlu ditiliki mrana maneh iki,” panylethuke Imam Supari.

“Ya ora marga dongaku, pancen ya lagi ketiban pulung laris.”

“Lha yen aku ya percaya, iki marga sawabe lan berkahe Mbah Maridjan tenan. Lho masiya aku nyathut asmane, ning rak ora tak nggo tindak duraka utawa ngremehake, malah dakluhurake. Mula, ya diberkahi, warunge Bu Tum kelarisan tenan,” pambelane Pandaya, banjur nylethuk marang Mashari, “Wis Kang, wiwit saiki nganggoa jeneng Mashari Maridjan. Sing luwih penting awakmu aja njaajan dhisik ana warunge Bu Tum, yen konangan.”

“Wis, wis wong tuwa-tuwa padha sembrana, yen nganti kesiku tenan terus piye?” panyelanne sisihane Pandaya bareng ngreti dudukselehe kiriman panggang ayam.

Wong papat padha ngguyu bareng, Imam Supari nganti keselakselak, dene Pandaya kang dadi sutradar mripate nganti mbrebes mili marga anggone ngguyu.

Jaya Baya, No.25, Minggu III, Februari 2007

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

329