Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/345

Kaca iki wis divalidasi

“Gak, Ndhuk. Suk kapan-kapan ae, kowe pengin maem duren pa piye? Suk dipundhutke Tante ya,” kandhaku . Ponakanku siji iki pancen raket banget karo aku, amarga bapake wis seda nalika umure isih nembelas sasi. gek ndilalah hobine jibles karo swargi bapake, aku lan yangkunge, ya kuwi duren.

“Dudu aku, tante, Yangkung kuwi lho sing pengin maem duren,” kandhane Dhanny karo nuding Yangkunge sing isih sareyan neng kursi. Aku genti noleh marang Bapak.

“Iya ta, Pak? Bapak ngersakake mundhut duren pa piye?” pitakonku maneh.

“Lha wong Dhanny kuwi lho sing pengin duren,” ngendikane Bapak genti nutuh putune..

“Aku saiki duwe langganan bakul duren cedhak omah kana, Pak. Penak, nek tuku gak ndadak nganyang kaya neng pasar Sleko, ek duene ya lumayan enak. Suk kapan-kapan ae pa piye, nek Bapak ngersakake,” kandhaku.

“Iya wis, kapan-kapan ae…”

Rembugan bab duren njur mandheg tekan semono. Saelingku, ket cilik, Bapak durung tau nganti nulak panjalukku. Apa wae sing dakjaluk mesthi dituruti, sauger ora nyimpang saka aturan. Ndilalah panjalukku uga ora tau neka-neka, kabeh isih laras karo kahanane Bapak. Lagi rasan-rasan pengin maem tahu campur wae, sorene meshi terus dijak Bapak tuku tahu campur tenan. Utawa yen aku alok neng toko kae ana rok apik, ora ndadak ngenteni sesuk-sesuk mesthi karo Bapak enggal dipundhutke, merga dhasare aku ki ora tau nyuwun rok.

Sing ora klakon mung siji, biyen lulus SMA aku pengin kuliah neng ITB nanging ora klakon ketampa. Ketampane malah neng UGM kaya sing dikersakake Bapak....

Njur nek saiki genti Bapak sing kagungan pamundhut, kamangka aku bisa nuruti, geneya kok ndadak ngenteni sesuk suk kapan-kapan wae?

Pitakon kaya ngono kuwi rasane ngoyak batinku terus saulihku saka daleme Bapak. Mung perkara duren. Geneya nganti tak tundha suk kapankapan wae nalika Bapak ngersakake? Kamangka jaman cilikanku biyen, lagi wae mingkem leh ku kandha Bapak mesthi njur nyetarter seppedha motore, budhal mundhutake apa sing dakkarepake. Kamangka saiki aku wis dudu bocah cilik maneh, aku bisa dadi pegawe merga saka panggulawentahe Bapak lan ibu, tur bayarku wis luwih akeh timbang pensiunane bapak, geneya aku wegah ngaturi apa sing dikesakake Bapak? Kebangeten tenan aku iki. Muga-muga ora klebu golongane anak durhaka.

Mula nalika lakune sepedha motor ngliwati bakul duren langgananku, enggal-enggal dakenggokake mandheg. Njur milih duren sing kirakira enak, ora akeh merga maega paling-paling sing dhahar mung Bapak.

332

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010