Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/349

Kaca iki wis divalidasi

“Ora tlaten aku,” wangsulane Yuliana.

“Kana, ndang tata dhahar. karo Bapak gawekna kopi dhisik, aku nggarap iki mau durung sempat nggawe.”

“Oke, Bos!” jawabe Yuliana karo ngungkurake ibune. “Ah, bocah saiki,” grenenge Bu martinus bareng krungu jawabe Yuliana. Rampung anggone tata dhahar, Yuliana ngaturi bapake karo ibune. “Pak dhaharipun sampun siaap.”

“Yaaa…”

“Kowe An sing mimpin doa makan,” ngendikane ibune.

“Anu, Bapak wae Bu.”

Nengah-nengahi lagi ngrahapi maem, keprungu bel telpun.

“Kae angkat An, bele Ani.”

“Hallo,” suarane Anna karo tutuke isih kebak sega.

“Mbak Ana,” keprungu suara saka kana.

“Heh, ana apa Ani?”

“Sesk aja lali lho.”

“Ora, ora. Sesuk yen teka randhublathong ngebel ya! Yen ora aku ya Bapak besuk sing mapag.” Ngono wae ya aku lagi maem, daa!”

“Ani,” pitakone Ibune.

“Iya Bu, kuwatir yen ora dipapag.”

Esuke jam setengah lima, Yuliana wis tangi ngenteni telpun saka adhine, wis tekan ngendi. Nganti jam lima isih durung ngabari. Dihubungi hp-ne ora sambung. Sajake dipateni. Jam enem kurang sepapat adhine ngebel yen sepure lagi mlebu Randhublathung. Gandheng wis padhang, Yuliana dhewe sing mapag menyang setasiyun. Jam enem luwih sepur mlebu setasiyun Balun. Bocah loro rerangkulan, ngesok rasa tresna lan kangene.

Semono uga bareng tekan ngomah, Yuliani uga banjur ngruket Pakdhe lan Budhene. Pancen kekarone menyang Pakdhe lan Budhene kaya menyang bapak-ibune dhewe.

“Piye, bapak-ibumu rak ya padha sehat-sehat ta?”

“Pangestunipun Pakdhe kaliyan Budhe.”

“Wis, kana ndang leren-leren.”

“Mbak iki kanggo natalan, dipundhutne klambi Ibu, ukuran lan wernane padha. Dadi sesuk seragam wong loro.”

“Wow, lha aku wis digawekne Ibu ki.”

“Ora sah dienggo, Mbak Iki bae, ben padha.”

“Ya malah kebeneran ta yen dipundhutke padha, kena nggo seragam sesuk bengi. Lha klambimu nggo suk natalan Mudika,” ngendikane ibune Ana.

“Yaw is. Lha sesuk kanca-kancaku yen kleru piye,” kandhane Ana.

“Malah apik ta,” jawabe Ani.

“Misane jam pira, Mbak?”

336

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010