Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/350

Kaca iki wis divalidasi

“Jam sewelas, saiki pasture kene loro.”

“Iya, ta?”

“Iya, siji Rama Vikep. Biyen Vikep 4 saiki diganti dadi Vikep Cepu.”

“Oh, tambah maju…”

“Lha apa bapakmu saiki arang-arang marang greja ta Yul..?” pitakone bapake Ana marang Yuliani. “Inggih, yen dalem aturi ngendikane suksuk, yen wis longgar. Ngaten ta Pakdhe.”

“Ya arepe piye bae, iku wong tuwamu, wajib mbok bekteni. Aja kendhat olehmu nyenyuwun marang Gusti muga-muga bapakmu krungu timbalane Gusti.”

“Inggih Pakdhe.”

Dina kang dianti-anti, yaiku wiyose Gusti Yesus sang Juru Pamarta wis teka. Kaya pandugane sakawit, nalika tekan greja, akeh kanca-kancane Yuliana kang padha kleru, nubruk Yuliani dikira Yuliana. Dadi ger-geran sadurunge misa. Misa agung lumaku rancag, rampung jam siji bengi. Umat ora terus bali, isih padha sesalaman ngucap sugeng Natal ana plataran greja. Nganti sawatara swasana ing ngarep greja regeng.

Watara jam setengah loro Pak Martinus sabrayat bali. Tekan ngomah, Bu Martinus banjur tata dhahar pesta cilik mahargya rawuhe Gusti. Senadyan mung dikembul wong papat, nanging swasanne ngresepake. nengah-nengahi nikmate mangan, keprungu bel telpun. “Yul, angkat! Sapa ngerti yen saka bapakmu,” dhawuhe Pak Martinus.

“Hallo, selamat malam,” ucape Yuliani bareng nyandhak gagang telpun.

“Ani?” suara pitakon saka sabrang kana.

“Oh, Bapak?”

“Iya.”

“Wonten menapa Pak?”

“Aturna sugeng natalku marang Pakdhe lan Budhe. Piye misane Cepu rame?”

“Inggih, wah Cepu regeng sanget, wong saamenika Rama-nipun kalih.”

“Oh, iya ta. Bapak ya lagi mlebu ngomah.”

“Lho, saking tindak pundi?”

“Saka greja.”

“Bapak tindak greja?”

“Iya, karo ibumu barang.”

“I…ibu tindak greja?”

“Iya, iki ibumu arep omong.”

“Iya nDhuk, aku melu menyang greja. Selamat Natal ya Ndhuk, suk

yen kowe wis bali menyang greja karo bapak-ibu.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

337