Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/353

Kaca iki wis divalidasi

Esuke tenan, Pak Djija rawuh saka desa. Ijen tanpa Mbok Djija sing lagi repot ngopeni wong ereg. Sawise crita-crita, Pak Djija ngajak budhal mapag menyang stasiun.

“Mangke riyin, Pak. ngrantos Taksi. Mpun kula bel kok,.”

“Kok nganggo taksi barang. Rak larang!”

“Mpun ta, kula wingi rak pikantuk HR saking Bu Bidhan, dhosen kula sareng kula tulung bayi nika.”

“Wis bisa tulung bayi barang ta kowe iki?”

“Nggih pun ta, wong malah nggih mpun wongsal-wangsul.”

“E, ya sokur. Wis ping pira olehmu tulung bayi?”

“Enten kinten-kinten ping wolulas.”

Pak Djija njomblak. Ora ngira babar pisan yen anake wedok sing cilikane tansah digendhongi dolan nyang gedhung juang, gedhung wanita, nyang pasar lan pemandian kae, saiki wis dadi bidhan sing pinter tulung bayi.

“Kowe ki yaw is pinter nyuntik barang, Ndhuk?”

“Pun damelan kula, Pak...”

“E, lha, jajal saiki suntiken. Wiwit wingenane kok mumet wae. Tekanan dharahku munggah maneh beke.”

“Ngga, bapak mlebet ruang priksa mrika...”

Pak Djija terus ditensi putrane. “Tekanan dharahipun Bapak normal kok,” ature Yatik. “Niki marga padharane mbokmenawi. Sajake bebucale kirang lancer, nggih mergi kirang dhahar buah-buahan. “

“Iya Ndhuk, wong mbokmu kuwi yen dak kon nyedhiyani gedhang ngono wae, emane karo dhuwit eram, kok! Yaw is. Iki ngeluku bar kok tensi, kok ya wis ilang.”

Ing plataran keprungu swarane klakson taksi. Kekarone terus padha budhal arep mapag tamu saka Jakarta menyang stasiun. Ana ing njero sedhan taksi bareng Bapake arep ngrokok, Yatik ngaruh-aruhi, “Paak, enten lebet mobil mawi AC ngeten niki mboten pareng ses.” Pak Djija terus wurung anggone arep udut.

Satekane parkiran ing stasiun Gubeng, Yatik nuntun bapake menyang emperan, maca jadwal tekane sepur saka Jakarta. Sarehne isih ana wektu rong jam, Yatik ngajak sarapan bapake menyang depot.

Ing batin bocah wadon iki ngudarasa, kapan maneh bisa nraktir Bapak yen ora dhong oleh rejeki lumayan ngene iki. Nanging bapake ngpmentari, “Nyang warung wae, Ndhuk. Nang depot panganan serba mahal.”

“Sekali-kali, Pak. Ben ngerti. Kadar ra mben dina wae.”

Pak Djija kepeksa manut digeret mlebu depot. Yatik pesen kopi loro. Pak Djija ditari sarapan dhahare apa? mung gedheg-gedheg wae. Ora kersa kuwatir mengko mbayare larang. sarehne ora kersa dhahar, Yatik mung pesen donat loro, siji wedhang karo bapake.

340

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010