Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/354

Kaca iki wis divalidasi

Pak Djija ngincipi donate karo ngendika, “Panganan apa ngene iki?Njur regane pira?”

“Mpun ta Pak, mangga didhahar.”

“Hm, isih enak tempe karo tahu goring nang warunge Mbah Saikun. Kopine y aces-pleng. Ora kaya ngene iki, kaya uyuh jaran....”

“Pak, nek kepireng bakule!”

Ora lidok bareng mbayar, kopi susu loro, donat loro, regane Rp20.000 Pak Djija misuh-misuh jroning batin. Terus nggrundel sawise metu saka depot, “No warunge Mbah Sikun, kopi sak cangkir karo tempe entek siji, tahu loro gedhe-gedhe, gur rong ewu lima atus. Wareg tur marem...”

Sepur sing dienten-enteni teka. Wong loro lingak-linguk nggoleki Pak Sumarno ing antarane penumpang-penumpang sing mudhun. Bareng ketemu Pak Djija langsung rangkulan karo Pak Sumarno. Yatik salim cium taangan karo Paklike, wong telu njur padha runtung-runtung metu saka stasiun. Taksi sing dicarter isih nunggu jalaran wis dicarter PP pisan. Ora let suwe kabeh padha banjur numpak taksi iku.

Satekane ing asrama papan panggonane Yatik, taksi mandheg. Yatik sing mbayari. Pak Djija ngerti lewat argo, mbayare Rp75.000,00. Ing mbatin misuh-misuh maneh. Ning beda karo sing diangen-angen Yatik . Mengko yen Paklike pamit, dheweeke rk diparingi sangu luwih akeh.

“Mangga Paklik, pinarak. Istirahat-istirahat rumiyin. Rak mboten kesesa ta?”

“Jane ya kesusu, Ning yen nurute repote gaweyan, ra ana enteke. O, iki ta asramamu. Sing manggon kene memsthine rak putrid kabeh, ya?”

“Nggih, mesthi ta Paklik”

“Wah, kaya pulo Nusa Tembini wae.”

Ing ruang tengah sing jembare kaya aula, akeh cewek. Rame, ratarata ayu. Padha guyon, sing nyetel tape iya ana. Pak Djija omong-omongan karo Pak Sumarno Bab werna-werna minangka tamba kangen.

Rada awan, Yatik ngaturi dhahar. Bareng tekan ruang makan, Pak Djija mlengak maneh, priksa pasugatan kang kepara mewah. Ana ingkung, sambel goring ati, dadar eendhog. Batine, wah, gek sapa sing masak iki mau?Saungkure Paklike, Bapake bisik-bisik, “Ora ta Ndhuk, iki mau olehmu nyugata Paklikmu kok mewah timen. Apa ben ndina jatah saka asrama kene ya ngono iku?”

“Mboten, Pak. Jatahe nggih lawuh pindhang, sambel korek, sayur lodhheh...”

“Ddadine iki mau ya ragad dhewe?

“Entek pira?”

“Empun ta Pak, mboten saben ndinten mawon kok. Kalih dereng kantenan sataun sepindhah pinanggih Paklik.”

“Dhuwitmu ki pa pancen akeh tenant a?”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

341