Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/355

Kaca iki wis divalidasi

“Nek terus teranage mawon Pak, kula niki malah taksih gadhah ampilan teng kanca, wong waune etungan kula mangke mesthi angsl ijol langkung kathah saking Paklik…”

“He! Aja blajar utang. Karo aja seneng njagakake endhoge si blorok ngono iku!” kanndhane Pak Djija. Ning bubar ngono kok ya banjur meneng amarga eling sanguine dhewe anggone menyang Surabaya iku iya mung pas-pasan kanggo ongkos ngebis sakjalan. Etunge mulihe mengko rak bakal disangoni Yatik.

Ning iki kahanane kok kaya ngene. Mula, terus alon keprungu kan-dhane, “Yaw is ta. Ning suk-suk meneh aja dibaleni. Aku sesuk tak nglen-cer-nglencer sik, nyambangi Elok karo Obet...”

Elok karo Obet kuwi putra-putrane bulike Yatik ing menanggal Karepe Pak Djija arep mrana iku arep sambat nyilih sangu marang adhine, suk yen panenan jagung arep dibalekake.

Bengine Pak Djija nyenyuwun muga anak putu sabrayat pinaringan rejeki kanggo nutup kebutuhan sadina-dinane. Tengah weni keprungu swara bel, ana pasien arep babaran. Yatik diutus Bu Bidan supaya enggal tetulung. Pra let suwe keprungu cenger-cenger tangise bayi lair.

Esuke Pak Djija ora sida budhal menyang omahe adhine wadon jalaran arep pamit Yatik durrung bisa ketemu. Laagi bar bedhug Yaatik mencungul kannthi polatan sumringah.

Ora lali Yatik mblesekake dhuwit kanggo sangu bapake yen arep bali kondur menyang ndesa.

Jaya Baya, No. 15, Minggu II, Deseember 2008

342

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010