Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/356

Kaca iki wis divalidasi
MBOKDHENE RIRIN
Dewi Wara Sumbadra

“Mak, mau apa lali ora nggodhog banyu?” pitakonku marang Mak Rah bareng arep nggawekake kopi bojoku kok tibake thermose entheng. Tak angkat sijine ya entheng. “We Lha?!...”

“Sampun niku, enjing wau. Lha napa mpun telas, Bu?” karo setengah malyu Mak Rah marani aku.

“Lha iki Mak, kari separo gelas.”

“Pancen wau mah etan enten tamu. Kados biasane nika lho, Bu.”

“Lha taamune ki pira, kok nganti rong thermos ki?” takonku maneh rada anyel.

“Duka, ning kadose kathah, wong mobile kijang niku kebak kok. Tur kados biasane nika lho…Gendhis, the kalih gelas nggih saking mriki. Duka ngantos sepriki kok nggih dereng diwangsulne, wong biasane nika terus langsung kengkenan kula pisan angsale isah-isah,” pratelane Mak Rah saya lengkap-kap.

“Tuman tenan mbokgedhe kuwi,” kandhaku saya mangkel. “Nek ngoten kula tak nggodhog malih mawon, nggih Bu?”

“Wis ra sah, Mak. Wis jam lima. Gek ndang muliha wae, selak kewe-ngen!” Pancen wis jam lima sore, wayahe Mak Rah mulih. Omahe rada adoh udakara limang kilonan saka omahku. Dheweke ki anak ragile Mbah Ponijah, aabdine simbah kakungku wektu jaman semana. Nganti anak turune Mbah Ponijah isih panggah melu ewang-ewang masiya wis dipenging. Jarene ngugemi dhawuhe kakung biyen, lan supaya bisa mbales budi marang kabecikane kakung. Ya mung Mak Rah iki sing rada manut, masiya ngrewangi aku, nanging wis ora turu ana ngomahku.

Krompyang...glodhag....

Wis apal, wayah ngene iki mbokdhene Ririn mesthi saba pawonku. Mlebune ora nyuwara, ning bareng mulihe ndilalah mesthi ninggalake bukti. Embuh ana irus sing nyeblok, swara tutup saji sing nutup keban-teren. Utawa kaya iki mau… nutup lawang kaya karo dibanting. Nek kudune, wong jenenge mlebu njupuk meneng-menengan ki aja ninggalake bukti. Rak malah kepriye ora arep diarani nyolong, coba?Wong njupuk

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

343