Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/358

Kaca iki wis divalidasi

tibake doyan mangan tewel! Iku nalika Ririn durung lair. Lan lha kok terus dadi tuman temen. Nganti Ririn kelas V SD barang kok penyakite isih panggah wae, durung mari-mari.

“Bu, napa boten tindak peken kok kulkase kothong?”

“Ora, Mak prei!” semaurku karo mesem.

“Prei pripun ta! Lha sakniki masak napa?” Mak Rah katon bingung.

“Wis, ra perlu masak, Mak Sampeyan leren-lerena kono. Nonton TV aapa ngapa ngono. Pokoke telung dina iki ra sah masak! Mengko nang nggone Mbak Sri wae ya? ngenteni Ririn mulih sik.”

“Lha wonten napa ta? Terus mangke sonten pripun? Terus sarapane mbenjing”? Mak Rah tambah mbingungi.

“Wis ta, sampeyan ra sah melu mikir. Pokoke beres kabeh, mengko!”

Mak Rah ijik ndomblong, malah luwih amba. Ya ben! Mangkel aku.... Mumpung Pakne Ririn diklat ana Malang telung dina, mbakyune arep tak-”ajar”. Eit, ora kok arep takantemi, ning arep tak gawe supaya isa kapok. Muga-muga wae aku bisa kasil.

“Lha telung ndina niki kula nggih prei nek ngaten? Kula mriki boten?”

“Sekarep sampeyan Mak, nek pengin ewang-ewang mrene ya mreneya, ning pokoke ra sah masak!”

Tenan, jam lima sore, wayah aku ngrumat mawar lan adeniumku, Mbokdhene Ririn jinjit-jinjit mlebu pawon. Tak rungok-rungokne, sajiku dibukak. Terus… glodhag!!! Mesthi dibanting, pancene mung isi wadhah jangan kothong sing maune isi untup-untupe Ririn. Jelas wis kothong, wong jangan karemane Ririn kok.

Neng ati aku ngguyu nyekikik karo terus ngrungokake sinambi me-thiki godhong mawar sing wis rada kuning. Let sedhela keprungu kulkas dibukak. Mesthi arep golek endhog. Ora bakalan ketemu Dhe, kae lho neng warunge Mbak Wiji ijik pirang-pirang, batinku karo nyekikik. Let sedhela genti lawang mburi sing dibanting.

Ririn njedhul terus muni. “Buk, Budhe napa nesu ta, kok sembarang kalir dibantingi?”

“Wis ta togna wae!”

Nek arep nesu ki, apane lho sing dinesoni. Wong pancen wis saklumrahe ta? Wong karo adhine dhewe ki mbok ya blaka wae, kok senenge slinthutan ana mburi.

“Mangke siyos nyate ta Buk?” Ririn ijik eling janjiku mau awan. “Iya, mengko bar maghrib. Saiki gek mbukak-mbukak buku sik kana!” Ririn banjur mlebu maneh karo mesam-mesem sajak kalegan...

“Bu, Mbak Riorin mangke saraapan napa?” Jam setengah enem Mak Rah wis mencungul.

“Mau bengi rak nyate ana nggone Pak Dul, sisan wae tak bungkusake thengkleng. Kae mau wis taknget, Mak. Segane yaw is beres kae lho!”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

345