Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/359

Kaca iki wis divalidasi

“Nggih sampun nek ngaten,” Mak Rah banjur klunuh-klunuh nang sumur, terus nguceki klambi sing wis tak kum wiwit subuh mau.

Rampung sarapan karo Ririn, tak delok jame wis setengah pitu. Ba-reng aku mlebu jedhing, let sedhela keprungu swarane Mbokdhe:

“Rin...Rin!” kaya biasane kae, basa-basi. Wong wis ngreti adat paku-linanku, angger jam setengah itu mesthi mlebu jedhing. Mula operasine nek esuk ya jam semono kuwi.

“Nika, siram Bu,” keprungu swarane Mak Rah nyauri.

“Glodhag..”, mesthi iku mbukak tutup sajiku sing kothong, wong thengklenge kari bageyane Mak Rah sing wis dakdhelikake.

“Kowe apa ra masak ta Rah?” keprungu pitakone Mbokdhe.

“Mboten Bu, Pak Aji tindak Malang, gek Ibu kaliyan Mbak Ririn seg mboten kersa dhahar. Mula nggih mung langganan teng warunge Mbak Sri, ben ngirit sanjange.”

“Tuku nang warung kok ngirit!” saurane Mbokdhe. Mesthi karo mencep, kuwi batinku.

“Apa, Dhe?” rampung adus takpapagke mbokdhene Ririn kuwi.

“Ora pa-pa, arep kongkonan Irah. Tak kon nang pasar tuku bakalan jangan. Mengko sore Denok mulih, mesakake nek ora duwe apa-apa.”

Alesan! ngono batinku. Ngono kuwi angger operasine gagal. Saupama sing diincer anal an tanpa sengaja gabrusan karo aku , tembunge mesthi: “Nyilih sik ya Rin, Pakdhe mau arep sarapan gek janganku durung mateng! Ngono. Sip ta?! sing penting angger muni bae. Wong nyilah-nyilih wiwit jaman mekiklak ya durung ana sing dibalekake, kok!”

Mulih saka kantor, Mak Rah wadul, “Bu, mesake wau nggih teng mriki lho!”

“Lha kok kepinuk, men?” sauranku.

“sanjange ngriku gase telas. Ajeng tumbas mboten wonten sing dikongkon, Pak Parmin nembe teng sabin. Gek bumbone nggih saking mriki sedanten, mung omprenge mawon sing mbeta saking mah etan,” Mak Rah njlentrahake.

“Wah jan... nek ngene iki sapa sing tenane ‘diajar’ iki?” dhasar wis tuman!!!

Jaya Baya, No. 12, Minggu IV, November 2008

346

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010