Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/360

Kaca iki wis divalidasi
SUMPAHE AREK SURABAYA
Suparto Brata

Esun lair ndhuk Surabaya 1932. Ndhuk Rumah Sakit Omum Simpang, bsa landane CBZ. Sakniki CBZ iku dadi kompleks Surabaya Plaza. Dolin, sekolah, nyambut gawe, rumah tangga, sampek pensiyun, tetep ae ndhuk Surabaya. Cumak nalika geger 10 Nopember 1945 sampek tahun 1950 aku merat saka Surabaya, mergane ngungsi gak gelem dijajah mbarek Inggris-Gurkha-Landa.

Omahku Gersikan II/23. Kancaku dolin Kuknan, Matali, Pasal, anak-anake tangga, anake tani utawa boruh rendhahan, omahe gobuk utawa sesek. Cumak omahku sing tembok. Dolinanku ngolukne layangan ndhuk sawah Bronggalan, benthic thokthir, oluk gambar wayang, gamparan. Mesthi adu kalah-menang, ngotot, omong dhebatan telek menang. Omongane rame pendheke. Tapi lek wis,… rokun maneh. Seser telek iwak bethik, gogo yuyu, mincing adus kali. Byur-byuran. Sering ae mari oluk ndhik latar omahe Kuknan, langsung adus kali. Esik ndhuk gang wis mlayu, cocul kathok kathok ditinggal, — kancaku dolin biasane gak nganggo klambi, kathokan cekak thok – wuda, mlayu balapan ambyur kali. Byur! Byur! Byur! Uenak tenan!

Nate, kebacut ambyur byur-byur ndadakna jenggelak, eruh Bik Maraid lagek nesing ngguk plangkringane, mbarek Misri, arek celik anake Ning Mai sing dodolan rujak petis. Temene ana taek kemambang dhuk kali, kene adus, ya gak papa. Disingkiri ae. Taek kemambang liwat, dislulupi ndhuk ngisore. Tapi ngonangi metune saka pabrike –mbok, gak kaop rasae!

“Bik! Sampeyan empuni nopok anisinge!” Kuknan nglaruhi.

“E, jamput kon iku sing nggarahi taekku wedi metu! Nyengkrih!”

Kuknan terus diewangi mbarek kene kabeh. Dhebate rame. “Krama ingile metu: taek, dobol. Misri nangis, nguwisi nesinge, njopuk seweke sing nglombruk ndhuk penggir kali, diubetna awake sesih ngisor. Padha arek lanang gak kathik klambi. kene esik gak lega. Mbalah bokonge Bik Said dibajongi. keppeksa cawik cepet-cepet, terus ngadeg. Madhep ndhuk nggone kene, karo muni-muni mesuh-mesuh. “Iku! Anake priyayi iku!

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

347