Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/361

Kaca iki wis divalidasi

Kandhakna ibuke!” Arek-arek cekikikan. Gak mendha sirat-sirat banyu mbarek mbengoki ngosir, kaya arek bronggalan ngosir manuk mangan pari ngguk sawah.

Molih totuk omah, aku dijewer mbarek sibu. Ibu wis dilapuri, “Gak oleh adus kali!”

“Opok-a?”

“Arek-arek iku lak gak sekolah. Koen sekolah.”

Cumak esun ancene arek sing sekolah. Nduk ploso. Sekolahe omah sesek amoh.

Sampek jaman Jepang, esun omur 10 tahun, esuk sukak adus kali ngono iku. Tau kuknan nemu karet plembungan kentir. Dicekel. terus disebul. Kene ngguyu-ngguyu. Ana Cak Delar liwat duk embong. Ngelokna, “Kuk! Buwang! Iku duduk plembungan ! Iku kapocec!” Tembe buri esun ngerti gunane kapoces. Jaman sakniki jenenge kondom. Weruhku sepisan ya disebut Kuknan jaman Jepang iku. Mari jaman Jepang, jaman siap. Merdeka lepas sedhiluk saka penjajahan Jepang. Ana landa – inggris—Gurkha—Nica ndharat ndhuk Surabaya. “Siaap! Siaap!” rame arek-arek nanggapi jaman. saben krungu wong mbengok “Siapp!” terus ae ditotugna, arek-arek ya mbengok “Siaap!” Mbarek cagak-cagak listrik dithuthuki, then-theng theng! ngono ae. Isok bahayane wong eruh pasukan Landa-Gurkha ndhuk Kapasari, sing mbengok “Siaap!” sampek sampek arek Pacarkeling—Tambangbaya.

Sidane perang temen Inggris-Gurkha nembaki Surabaya liwat dharat, laut, mbarek udara. Peluru mriyem, mbarek mortar bleng-bleng-bleng ngacurna omah tengah kutha. Gak ketok wonge, bome ae sing ciblok lan mbledhos. Duduk manungsa, sing maju thank raksaa. Gak ndelok, nginceng. Ndhedhepi, Katene eruh ae yok apa hebate mosuh!

Tau esun mbarek Kuknan asik seser iwak bethik ndhuk kali watese Tambangboyo—Gresikan. Ancene bom bledhos utawa peluru syiuuutt nyabrangi langit ya ana, tapi aduoh kana. Gak kira mbebayani. Bengokbengok ‘siaap’ ya gak ana baneke. Ndadakna syiuut glarr!Glar! Glar1 udan boom—utawa pelurune mriyem tah mortar—ngguk kebon sayur, terus mrembet ngetan, marani nggonku! Glar! Glar! Grog! Siaapp1 Siaap! mlayu kuk!” Esun sing nggawa iwake langsung malyu marani kampungku, Gresikan. Kuknan sing nyemplung kali esik kudu mentas dhisik saka kali mbarek nggawa sesere. “Tooo! Partooo! Tolunggg!”

Esun noleh. Ndadakna Kuknan kleset-kleset ndhuk tengah embong. Gak isok mlayu. Getih mancur ndhuk pupune. Glar! Omah gedhong sing ana asu herdere, Tambangboyo nomer 200, keno bom. Pas cedhake Kuknan glangsaran. Esun mlayu mbarek nangis mlebu kampong Gresikan gang buntu, terus ae torut plengsengan kali. Kepethuke Cak Delar, terus ae esun lapur mbarek nangis.

348

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010