Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/362

Kaca iki wis divalidasi

Kuknan gogur. Jisime dipetak sore iku uga ndhuk makam gang Loro kono. Bik Pasiani, emake nangis golung koming. Sak-aken! Inggris iku janjukan teemen! Esik arek-arek Kuknan iku, dibom, dipateni!. Dina dina totuge bom mortar saya rame. Kampung sowung, ditinggal ngungsi. Ibuk, Cacak mbarek esum yaw is katene ngungsi. Cuma ngenteni Bapak sing nyambut ndhuk Marine. Kampung wis sowung, sidane Cacak – wis nyambut ndhuk Listrik Gemblongan – ngajak kene ninggak bapak, Gak wani liwat embong Tambangboyo, liwat omahe Atmogurdi, Kebon sayur, terus stasiun Gubeng. Gawanku abot, mlakune aduooh! “Inggris—Gurkha Nika iku, ya awas! lek sampek bapak gak ketemu maneh, esunsumpah , sumpahe Arek Surabaya. Esun gak katene ngambah Surabaya lek esik dijajah Landa. Mene-mene lek esun wis wani nggawa bedhil, tak osir penjajah iku teka Surabaya! Sumpah Surabaya kudu merdeka!” sumpahku mbarek mlaku gentoyongan nggawa barang abot .

Totuk stasiyun, sepur angkutan ngungsi wis brangkat. Mbarek sing jaga stasiyun kene dikon numpak truk ing cepak nduk ngarep stasiyun. truk BOO, Barisan Oesoeng-oesoeng! Diosung ndhuk Sidoarjo. Mbarek wong akeh!

Temen! Esun gak ketemu mbarek Bapak maneh. Sumpahku, sumpahe Arek Surabaya, kudu dilakoni. Taketing-eting temen. Lek esun wis cekel bedhil, penjajah takosir teka Surabaya!

Dadakna njlekethek 5 taun tutuge, 1950, Surabaya merdika. Gak dijajah Landa maneh. Esun, Ibu, Cacak, balik omah Gresikan maneh. Prabote wis gusis dirayah uwong, mbalah kayu lawang lan jendhelane yaw is amblas. Dhesikane dienggoni ya ditambah sesek ae lawangcendhelane. Esun notugna sekolah ndhuk SMPN jalan Kepanjen, biyek jenenge Tempelstraat. Sekolahanku ngarepe onok greja, mburine onok mesjid. Apane gak suci!

Tahun 1960, esun wis kerja ndhuk Kantor Pos. Cacak wis kawin, ndhuk Bandung. Ibu melok mrana, melok mrene. Sering nggresula, “Kowe iku, lo, Tok. Rabia opok-a!”

Iya ancene. Omur wis cokup, omah wis ana, wis cekel gae mapan. Kancaku dolin matali, wis kawin mbarek Misri. Pasal mbarek baiyah, arek jagiran, padha-padha arek kampong. La esun mosok ya kawin mbarek arek kampong, Rek? Matali kerjane ider dodolan manuk dara. Pasal, dadi manol ndhuk plabuhan. La esun arek sekolah, e. Ya telek arek sekolahan.

Sidane ana arek wedok mondhok ngguk nomor 17, wis nyambut ndhuk BPM. Dakkenal jare arek Solo, jenenge Sri. “Sri iku lo, arek sekolahan!” jare Ibu n gojok-ngojoki. Saking ae kabelet botuh cepetan oleh bojo, usrung-usrung pedekate. areke langsung daktari rabi. Dadakna gelem. Esun dikon gage ae nembung ndhuk wong tuwane, ndhuk Solo. Pokoke dilamar dhesik, lagek sir-siran, jarene.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

349