Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/363

Kaca iki wis divalidasi

Esun Arek Surabaya, sogih dorung karuwan sombunge didhesikna. Calon bojo esun putri Solo, Rek! Apane gak sombung! Langsung ae budhal mbarek Sri nang Solo. Lek gak salah Jalan Ronggalawe, cedhak kraton Mangkunegaran, omahe ‘ramane’ Sri. “Iki le, mangkunegaran, kratone wong Jawa!” Sri nonjuk tembok beteng nalikane numpak becak teka ndhuk Solo. Terus, totuk omahe calon maratuwa.

Wis daklamar, areke wis gelem mathuk, ‘ramane’ aweh wejangan. Gak isok aku nerokna basane, pokok basa Surabayane ngene, “Suk ya sing rokun, ojok bengkerengan. Koen arek lanang marang bojomu Sri ya ojok cengkilingan, ojok dimunasika, ojok ditaboki, ojok digitiki, ojok digendir wong iku bojomu dhewek....!”

“Yok napa? Yok napa Sampeyan bangsuli!”

“E, Sri iku bojomu dhewe, ojok dimunasika…!”

“Sing wau! Ojok dinapake melih…?”

“Ojok ditaboki, ojok digitiki, ojok disabeti, senajan wong lanang iku wenang...!”

Cekekal esun ngadeg! Mbok! Gak genah temen maratuwa siji iki! Langsung daktinggal lunga. Tas cangklongku dakgawa. Metu nyang embong, Sri berok-berok menggak, gak tak gape. Telek becak, nyang tasiyun! Mbok! Gak genah nemen bangsawan Solo iku! Esun sumpah! Suwwr! Sumpah temen! Sumpahe Arek Surabaya! “Gak kawin mbarek putrid Solo, gak patheken!” Mosok Sri wis dadi bojoku, wis daknikahi, gak oleh digetik! Gak main! Merat eson molih ndhuk Surabaya gak kathik Sri! Gak kathik Sri-Sri-an! mosok wis dadi bojo gak oleh digetik!

Jaya Baya, No. 10, Minggu II, November 2008

350

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010