Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/364

Kaca iki wis divalidasi
TANGGA
Dhiana Andriyanti

Rampung nandangi pegawean ngomah, Siti nginguk putune sing isih angler turu ing kasur kang digelar ana ing ngarep tivi. Kringet ing bathuke diusapi alon. Bocahe ora obah. Saben esuk nganti awn putune sing lagi siji kuwi sasat mung tansah karo dheweke. Sebab wong tuwane sakeloron kudu nyambutgawe. Mantune Siti baline malah mung seminggu pisan karana nyambutgawene ana kutha.

Siti njur mbukak lawang ngarep sing mesthi ditutup yen ditinggal tandang gawe ana mburi. Angkahe arep blanja kanggo masak sesuk. bakul blanja langganane ajeg mara wan, jam sewelas luwih. Siji loro wong sing liwat ana ndalan ngarep omahe. Lurung desa iku pancen rada sepi ing wanci-wanci ngene iki,

Lagi wae lungguh, siti weruh Aris, anake tanggane, mlayu-mlayu metu saka omah sing ana ngarep omahe Siti. raine abang ngempet tangis.

“He, ana apa?” takone Siti karo nyedhak.

Bocah umur loro setengah tahun kuwi noleh njur mangsuli kanthi aksara sing durung teteh, “Dithot lah, aku dhitotlah,” saure bocah mau karo terus mlayu.

Siti rada kaged bareng krungu wangsulane bocah sing jeneng Aris iku. Dheweke mudheng karo sing dikarepake Aris kuwi. Sing dikarepake Lah iku mbah Saroh tanggane.

Saka omahe Mbah saroh ikuAris mlayu wetu. Wong kiwa tengene kono kulina ngundang Mbah Rah ngono wae. Nanging, marga durung bisa omong cetha, pangucap mau dadi Mbah Lah yen metu saka lakmbene Aris. Siti pra ngisa lamun Mbah Rah tegel mara tangan marang bocah cilik.

Wis dudu bab anyar yen Mbah Rah dadi rada sengit yen karo bocah, kejaba bocah sing diemong dhewe. Mbah iku ora duwe turun mula banjur ngopeni anak saka salah siji sedulure wiwit bocah durung mlebu esdr. Jenenge anak, ora aneh yen wong tuwane si bocah njur ngimbangi gati nyang wong tuwa kang urip ijen iku. Bareng wis omah-omah, Anik duwe anak wadon. Bocah cilik sing jenenge Sonya iku ganti dadi gantilane atine

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

351