Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/365

Kaca iki wis divalidasi

Mbah Rah. menyang ngendi wae kaya-kaya tansah kumanthil. Sonya pantarane karo ranti, putune Siti.

Rasa sihe Mbah Rah kaya disuntak mung karo Sonya. Ngalahake rasa sihe simbahe Sonya sing pancen wis duwe putu akeh. Putu wdon iku tansah didama-dama. Emane bocahe rada jirih senadyan wis kerep kepethuk. Sonya isih sok wedi karo uwong sing wis ditepungi.

Nyatane, nagnti seprana-seprene watake Mbah rah ora tau owah. tetep ora bisa ngerti ngenani bocah kejaba nyang Anik wektu isih cilik lan Sonya. Nganti kuwawa nyethot bocah sing durung njawa. Tanpa mikir kepiye mengko kepiye tangkepe wong tuwane bocah cilik iku. kamangka Saumur-umurane Aris kuwi wis bisa ditakoni lan mangsuli.

Siti ngetutake bocah cilik iku nganti tekan latar omahe. Sawise Aris mlebu ngomah, Siti enggal-enggal bali. Kuwatir yen putune nganti nglilir. kadhangkala Ranti nangis yen nglilir ora ana uwong sing cedhake. Ranti tibane isih turu angler. Siti unjal ambegan njur bali lungguh. Sedhelasedhela putune diinguk. Bocahe lagi nglilir nalika bocahe rampung blanja.

Dina iku lumaku ayem. Ora ana bab-bab kang narik kawigaten nganti dina-dina sabanjure. Siti ngerti yen kepiyea wae sing jeneng wong tuwa iku mesthi ora lila yen ana wong liya mara tangan nyang anake. Meneng-meneng, Siti ngelem yayuk, Ibune Aris. Dibiji Ibu kang wicaksana. Nadyan isih enom ora gampang kegawa panasing ati. Ora terus ngumbar omong bab Mbah Rah, apa maneh nganti nglabrak.

Tukaran bocah padha bocah iku kudune diangep bab sing lumrah sauger ora nganti mbebayani. Yen mbebayani kudune ya dielikake wae wong bocah kuwi durung ngerti mala. Sing baku, sing tuwa aja melu banget-banget cawe-cawe campur tangan, luwih-luwih mbelani salah siji. Merga yen nganti ganti sing tuwa sing adhep-adhepan, critane bisa malih dawa. Bocahe wis bali dolanan bareng, wong tuwane isih durung akur.

Rong ndina sabubare diethot Mbah Rah, Aris wis katon dolanan maneh karo Sonya lan Ranti. Aris ditutake ibune, dene Mbah Rah ngetutake putune. Olehe dolanan ana ing wedhi-wedhi ngisor pelem sing ana latare Siti. Saka rumangsane Siti, ora ana owah-owahan ing tangkepe Yayuk. Sajak ora ana rasa mangkel marang wong sing wis nglarani anake.

Yayuk tetep grapyak nalika dijak omong Mbah Rah.

“Wis rampung kabeh ngene iki?”

takone Siti abang-abang lambe.

“Dereng, nembe adang kalih resik-resik. Aris pun rewel ngajak dolan niki wau,” wangsulane Yayuk.

“Sampeyan tutugne masak sik.lho Mbak. Aris ben neng kene tak awat-awatane. Pegaweyanku wis rampung kabeh kok, “ Siti tawa-tawa,

“Mumpung bocahe meneng’” singditawani mung mesem.

“Anu, Aris niki tambah nakal…” pungkasane Yayuk nyuwara.

352

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010