Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/366

Kaca iki wis divalidasi

“Nakale bocah wae lho, sepira? Apa ora luwih nakal aku...”

Yyayuk nggleges. Tenane Aris wis tau dititipake nang Siti nalika lagi padha katrem dolanan karo Ranti. Ning, sajake merga anane kedadeyan karo Mbah Rah, njalari yayuk rada samar. Eling-eling dheweke iku durung suwe olehe manggon kono, lagi setengah tahunan, dadi durung ngerti tenan karo watake tangga siji lan sijine.

“Nggih mpun menawi ngaten. Titip Aris nggih, Mbah,” pungkasane yayuk sarujuk.

“He-eh,” wangsulane Siti.

“Dolanan neng kene wae ya. Ibuk arep masak dhisik,” kandhane yayuk nyang anake.

Durung nganti bocah sing diajak ngomong iku wangsulan, Siti nambahi, “He-eh. Dolanan kene ae karo Dhik Sonya lan Dhik Ranti. Ibuk ben mantuk dhisik, masak, ya!”

“He-eh,” Aris manthuk. Yayuk terus ninggal anake.

Sanadyan katone spele, ning satemene momong lan ngrukunake bocah-bocah cilik sing padha dolanan bareng iku angel. Apa maneh yen sing diemong iku bocah-bocah Saumur-umurane Aris utawa Ranti. Jan, ora tau bisa meneng. Mloka-mlaku, mloya-mlayu mrana-mrene, sem-barang kalir dienggo dolanan.Dienggo rebutan, salah siji ora ana sing gelem ngalah. Dolanan sing maune gumlethak ora digape, bareng dijupuk kancane ora oleh. Siti bola-bali kudu mbujuki Ranti, Sonya utawa Aris supaya aja tukaran. Ning jenenge wae cah balita, sijine durung njawa, sijine durung ngerti, ya tetep wae tukaran.

“Sing gedhe ngalah..., sing gedhe ngalah...,” kandhane Mbah Rah nalika Aris lan sonya rebutan sendhok plastik sing kanggo ngeruki wedhi. Tanpa mikir sing luwih dawa yen bocah sing dianggep gedhe mau mung luwih tuwa setengah tahun tinimbang putune.

“Iki...iki...Mas Aris ngeruk wedhine nganggo iki wae...” Siti age-age nyedhak, nyoba ngijoli sendhok sing dicekel Aris nganggo cepuk plastik. “Iki bisa kanggo gawe gunung…”

Cepuk diisi wedhi sing isih kambon telese udan wingi, sing bareng dikurepake lan didudut, nyisakake wedhi mungkrug kaya gunung, “Lho, rak apik, ta!” Ranti melu ngawasake. Terus sendhoke bisa diwenehake Sonya.

Yayuk ya ora suwe anggone ninggal anake. Sarampunge masak, anake langsung diinguk. “Kok cepet Mbak?” ujare siti.

“Nggih. Niku wau sedaya mpun cemepak kok. Kantun nyemplungake.”

Ning jebul Aris durung kena diblithuk supaya dolanan ana ngomah wae. “Aku dolanan neneae, Buk,” saure bocah kuwi nalika dijak mulih.

“Wis ben dolanan neng kene wae. mengko yen wis jeleh lakya gelem mulih...”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

353