Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/367

Kaca iki wis divalidasi

Nyatane nggedhekake pangapura lan watak wicaksana kuwi ora gampang kaya yen mung diomongake. Siti saiki nglakoni dhewe. Dheweke kudu banget mbudidaya supaya ora nuruti nafsu. Yen nuruti rasaning ati ngono, dheweke genah pengin nesu, muni-muni ngesok gembolaning ati marang wong sing dianggep murang tata.

Siti ora ngira yen Mbah Rah iku kok ya mbaleni tumindake. Lan pisan iki sing kena malah ranti. Kedadeyan lumaku cepet. Ranti sing do-lanan ana ing latare Mbah Rah karo Sonya maune diitinggal mulih sedhela saperlu ngentas sega. nalika arep balik, embuh perkara apaSiti weruh Ranti Nggepok sirahe Sonya. Langsung wae Sonya nangis. Ora nganggo angkan-angkan, tangane Mbah rah mampir ing kentol cilike Ranti. mesthi wae njur ana swara tangis siji maneh.

Mbah Rah ora ngerti yen Siti mrangguli kedadean iku. Omahe Siti sing rada dhuwur nyebabake dheweke bisa nyawang apa sing lagi dumadi saka teras omahe.

“He, ngapa kok nangis?” Siti ngrikatake lakune.

“Ranti ngeplak Sonya, bareng dibales terus nangis!” ujare Mbah Rah karo mondhong Sonya sing isih nangis.

Siti ora nanggapi ukara dora iku. Ranti enggal-enggal digendhong dijak ngalih saka papan kono tanpa kumecap. Atine lara. Nganti luwih saka seminggu, Siti ngedohake Ranti saka Sonya. Sejene kuwi, Siti iya isih wegah ketemu karo Mbah Sarah...

Jaya Baya No.16, Minggu III, Desember 2008

354

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010