Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/368

Kaca iki wis divalidasi
BALI MULIH
Dian D.

Swarane mesin-mesin kendharaan kang dipanasi keprungu padha nggereng. Pating cuwet swarane bocah-bocah sing arep padha mangkat sekolah. Esuk iki, kaya biasane kompleks perumahan sing dipanggoni dening keluwarga-keluwarga mudha kanthi anak-anake sing racake umur-umurane padha sebarakan iku, iya wis kaya ora tau ana lerem-lereme wae. Gumremeng swarane ibu-ibu sing padha nguntabake budhale anak-anak lan bojone.

Ing antarane ibu-ibu iku ana Ibu Karyo sing kalebu warga pisanan manggon ana ing kompleks perumahan kono kuwi. Ndhisik, sawise diaba yen kompleks perumahan kono iku wiwit kena dipanggoni, kulawarga sing nalika iku duwe anak lanang siji iku banjur enggal-enggal pindhah saka omahe wong tuwane Bu Karyo lan wiwit manggon ana kono kanthi kebak pangarep-arep. Pak Karyo bungahe ora jamak. Sebab sadurunge iku, patang taun suwene ngenger melu mara tuwa, rasane kaya-kaya wis ora betah maneh.

Esuk kuwi sawise bocah-bocah padha diterake budhal sekolah, swasana lagi wae dadi luwih tenang sedhela, nanging ora suwe banjur disusul keprungu swara-swara kesibukan rutin liyane.

“Sayur ...,” swarane bakul mlija sing liwat banjur mara nawakake dagangane. Bakul kuwi banjur njagang sepedha motore ing ngarep omahe Bu Karyo, lan ora let suwe ibu-ibu tangga liyane wis padha ngrubung, miling-miling blanjanan apa sing padha arep dituku.

“Mengko awan sida ora olehe arep praktek nggawe jajan?” pitakone Bu Temi sing pawakane lemu ireng nanging kendele ora lumrah iku.

“Ya sida no .... Arep dak jagakake kanggo camilan anakku, je,” semaure Bu Parman.

“Nek ngono mengko setengah sepuluh kumpul neng omahe Bu Karyo ya. Kabeh bahane rak wis cemepak ta?” sambunge Bu Santosa karo ndeleng marang Bu Karyo.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

355