Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/369

Kaca iki wis divalidasi

“Beres,” jawabe Bu Karyo. Dhuwit urunan sing diklumpukake wingi pancen wis diblanjakake ing pasar sore dening Bu Karyo. Dadi samangsa-mangsa bahane arep dibutuhake kabeh wis sumadya.

Pancen wong-wong kuwi kerep padha ngadani acara masak bareng-bareng. Ora kok nganti wong sak er-te apa maneh wong-wong sakam-pung, wong pancen adate iya mung wong papat kuwi wae, kanggo ngiseni wektu-wektu sing kosong neng ngomah merga wis ora ana kegiyatan liya maneh sawise nandangi pegaweyan rutin ngomah. Biasane nek ora gawe jajan, ya rujakan ana ing teras omahe Bu Karyo sing edhum merga kayom-yoman ing godhong-godhonge wit jambu iku. Lan yen tanggalane wis tekenan, mangka dhuwit blanja ya durung entuk sebrakan, biasane ya mung kari trima kumpul-kumpul ngrumpi bebarengan jagongan ngalor ngidul.

“Mosok ta Jeng, sasi ngarep njenengan iki sida arep pindhah, apa ora eman-eman ta ninggalake dalem kene?” pitakone Bu Temi nalika wis ana omahe Bu Karyo.

“Lha witikna ya arep kepriye maneh, bapake bocah-bocah wis menehi putusan ngono iku. Mumpung wulan ngarep iki rak ngepasi taun ajaran baru, dadi bocah-bocah kareben ora kangelan olehe golek sekolahan anyar,” wangsulane Bu Karyo karo ngudhak adhonan.

Anake Bu Karyo iku loro, sing mbarep lanang arep mlebu SMA, dene adhine wadon arep mlebu SMP.

“Nanging apa ora eman-eman ta Jeng, awake dhewe iki wis kadhung raket, gek njenengan ya wis wanuh tenan karo dhaerah kene. Pindhah omah kuwi sing angel rak asimilasi-ne iku lho karo tangga-tangga anyar,” wuwuse Bu Parman sing bola-bali kesenengane kuwi sok keminter ning kerep-kerepe malah sok kleru iku.

“Adaptasi, dudu asimilasi,” Bu Santosa nyaruwe.

Bu Parman mung nggleges wae, banjur muni, “Adaptasi, asimilasi, apresiasi, rak padha wae ta?”

“Iya, terus partisipasi kono pisan. Ya, beda ta,” wong telu komentar bareng, nuli uga banjur ngguyu bareng. Bu Parman pancen ajeg gawe gayenge jagongan kanthi sipate sing keminter tansah pengin nganggo istilah-istilah asal basa asing kaya ngono kuwi.

Sadurunge oleh Pak Karyo, Bu Karyo sing maune jenenge Ningsih iku, mujudake anak lurah sugih ing desane. Sasedulur mung loro, Ningsih karo adhine lanang. Uripe sarwa kecukupan kepara malah sarwa luwih-luwih. Saliyane duwe lemah bengkok, sawahe uga pirang-pirang hektar. Mula, maune Ningsih biasa urip mubra-mubru, sembarang panjaluke mesthi bisa kelakon, ora nate mikir dhuwit.

Sawise nikah karo Karyo, pegawe ing salah sawijining instansi pamarintah, Ningsih kanggo sauntara taun maune isih nunggal saomah karo wong tuwane, nganti anake mbarep umur telung taun, lagi banjur entuk

356

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010