Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/370

Kaca iki wis divalidasi

perumahan iku. Mula, kagawa saka kepingine enggal ajar mandhiri ngiras ngetutake bojo sing pindhah kantor, Ningsih pindhah menyang omah sing dipanggoni saiki iki.

Nalika wiwitan pindhahan rasane banget nyenengake. Sebab bareng isih awor wong tuwa kae rasane isih kaya durung temenan olehe omah-omah. Lan durung suwe manggon kono, terus wis keparingan anak ma-neh. Pas, wis, sing mbarep lanang, adhine wadon. Ningsih rumangsa begja kemayangan, nganti dheweke mrangguli sawijining bab sing dadi wadi tumrap bojone selawase iki.

Karyo, pranyata nduweni kareman sing ala, seneng nginum inuman haram, dhemen mendem. Dhuwit blanja dadi kerep kurang. Ningsih sing biasa cekel dhuwit turah-turah, kejaba saka pawewehe bojone uga saka wong tuwane, banjur dadi bingung olehe ngubetne. Pancen sadurunge pindhah omah, wong tuwane isih kerep menehi dhuwit marang Ningsih senajan wis omah-omah. Bareng saiki, bareng wis adoh karo wong tuwa, terus wis ora diwenehi maneh. Arep njaluk ya ora pantes, bisane ya mung kari njembarake ati wae.

Jejer wanodya sing setya tuhu marang guru-laki, dheweke ora madulake lelakone kuwi marang wong tuwane. Dikepriyea wae Karyo kuwi sisihane, dheweke kudu bisa mikul dhuwur mendhem jero marang kabeh tumindake sing lanang. Kaya Wara Sembadra sing tansah jembar panga-purane marang Raden Arjuna senajan bojone kuwi karem dolanan wano-dya. Kaya Dewi Sinta sing kanthi ati tatag njegur ing uleganing agni kanggo mbuktekake kasucene sawise digawa mlayu dening Dasamuka, uga kanggo nuduhake kasetyane marang Prabu Rama.

Nanging dadi wanita sing tansah ngupaya amrih bisa nutupi alane sing lanang ngono kuwi abot sanggane. Ekonomine sing ruwet marahi dheweke golek rekadaya ning jebul kanthi dalan sing kleru. Merga ora bisa golek kaya dhewe, utang-utang terus dadi dalan butulan. Durung maneh dheweke uga banjur katut-katut tangga kelu marang dolanan haram, sing jenenge togel. Embuh keneng apa, angger ngramesi nomer, iku kok kadhang-kadhang bener, marahi numani wae, nadyan yen di-etung-etung seprana-seprene iya kerep ora entuke.

Lan jenenge wae barang ala, ditutup-tutupi ya meksa konangan. En-tuk-entukane togel ora nyucuk kanggo nutupi utang, kepara tansaya ma-rahi kebulet utang. Ora ana dalan liya maneh kejaba njaluk tulung marang wong tuwane.

Sepisanan, dheweke isih bisa menehi alesan sing cetha marang wong tuwane bab ekonomine. Jarene samubarang rega mundhak, kadhang ora trima mundhak, ning salin rega. Bayare bojone ora nyucuk merga ora melu mundhak. Butuh kanggo wragad sekolahe anake uga akeh, kapeksa kudu utang kana-kene kanggo nyukupi lan bareng giliran nyaur, wis ora cekel dhuwit.