Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/371

Kaca iki wis divalidasi

Amarga ora nemokake dalan sing becik kanggo metu saka reribet iki, Ningsih ora mung pisah pindho njaluk tulung wong tuwane. Kerep wae dheweke mulih menyang ndesa mung butuh njaluk dhuwit sing gunggunge ora sethithik. Senajan ora kabotan, nanging njalari tuwuh pitakonan tumrap wong tuwane sakloron. Sejatine keneng apa ta, Ningsih kuwi kok ora gelem blaka suta bab kahanane saiki iki?

Pancen wong lanang, nadyan ala ning wenang. Nadyan wis bola-bali dikandhani, tetep wae ora gelem nglereni. Bareng ngawruhi keda-deyan sing mesthi ndadekake kejot atine wong tuwa ngendi wae ing ndonya iki, lagi akhire bisa nggagas. Kadidene wong tuwa genah nduweni jejibahan sing abot. Saliyane nggedhekne uga menehi pendhidhikan sing murwat kanthi nyekolahake anak-anake. Nanging sing uga ora kalah wigati, yakuwi menehi tuladha sing bener. Unen-unen anak polah bapa pradhah ngana kae genah nek ora kleru, nanging kala-kala anane anak iku padha polah, rak merga bapake ora nggenah.

Anake mbarep, Rudi, lagi kelas loro SMP, wis nyoba ngincipi madat, narkoba, yaiku pil koplo. Ora nggumunake, lha wong wiwit cilik wis asring meruhi bapake pista minuman, ora merduli iku ana ing ngomah.

“Wis Pak, wis ora ana dalan liya kejaba kudu oncat saka kene. Urip ngene iki ora suwe saya morat-marit. Menawa njenengan isih nduwe krenteg nylametake bale somah iki, ndak jaluk njenengan kudu teges. Nek wis ora bisa, aku dakbali wae menyang ndesa sinambi ngajokake layang pegat!” Ningsih ngincim bojone.

“Ora usah ngono. Kepriye nek awake dhewe pindhah wae. Omah iki didol kanggo tuku omah liya. Panggonan anyar mbok manawa bisa menehi pepadhang, awake dhewe bisa uwal saka reribet iki,” usule Karyo.

Dinane wis ditentokake. Omah sing nate dadi pengeram-eram iku, sidane dilego, kudu enggal dikosongake. Truk sing ngangkut bekakas omah wis kebak. Tangga teparo kerepe padha arep melu nguntabake. Nanging pancen ora ana sing melu ngeterake, amarga Karyo menehi weruh menawa omahe iku adoh lan ora bisa usaha golek tumpakan kanggo ngangkut tangga-tanggane sing padha arep melu iku.

Esuk kuwi Ningsih lan Karyo pamitan karo tangga-teparone.

“Aja lali lho ya, mengko nek wis tekan kana menehi kabar. Eman-eman ta, nek nganti sesambungane awake dhewe nganti cunthel,” kandhane Bu Santosa.

“Iya-iya. Aja nganti njenengan kelangan kontrak!” semaute Bu Parman mantep.

“Kontak, Yu, dudu kontrak!” Bu Temi mbenerake kanthi anyel. Lambene diencepake.

Ningsih mesem karo manthuk. Dheweke nuli mlebu ing colt sing diiseni wong papat lan barang-barang liyane.

358

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010