Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/372

Kaca iki wis divalidasi

Truk lan colt ninggalake kompleks perumahan. Mlakune rindhik.Ningsih rumangsa lega dene bisa pindhah. Karo para tangga-tanggane sesambungane pancen wis raket. Kerep jagongan ngalor ngidul. Nanging seprana-seprene kuwi jebul ana sing ora dimangerteni dening para tangga-tanggane iku.

Pindhahe Ningsih pancen ora pindhah kaya sing dikandhakake. Sebab dhuwit saka pepayone anggone dodol omah kuwi, sawise dikurangi kanggo nyauri utange sing mrana-mrene, akhire ya wis ora nyucuk kanggo tuku omah maneh.

Ningsih sabrayat satemene mung arep bali mulih menyang omahe wong tuwane ing ndesa, lan tangga-tanggane kuwi sajake wis ora bakal entuk kabar maneh saka dheweke, amarga ancas tujuane Ningsih pancen sengaja nginggati wong-wong kuwi kanggo salawase. Ninggati uwong-uwong sing sasuwene iku wis ngajari ngambur-amburake dhuwit lan padha karem main togel.

Jaya Baya, No. 35, Minggu I, Mei 2009

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

359