Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/373

Kaca iki wis divalidasi
DALAN PILIHAN
Sumono Sandy Asmoro

Jroning urip iki akeh pilihan sing kena dipilah lan dipilih. Ratih isih mikir jero. Ana perang batin jroning anggane bakal nentokake pilihane.Yen pengin dadi wong sugih, bandha donya mubra-mubru, dalan wis tinarbuka ing sangarepe. Dene yen mung trima urip saanane, saben dina sawuwene iki urip kecingkrangan wae malah wis ngrasakake.

Ratih ora ngira yen saben dalan sing arep dipilih iku jebul ngemu eri bebondhotan. Yen nganti salah anggone jumangkah msthi bakal nandhang tatu-tatu. Kabeh ngemu resiko abot. Bu guru ayu sing isih prawan kuwi terus nggresah. nyawang menjaba liwat jendhela kamare. Weruh manuk-manuk emprit ing pang wit ringin, sing padha andum pangan karo kancane, banjur mabur sajak entheng, sajak tanpa sesanggan apa apa.

Manuk-manuk kuwi bisa ngumbara adoh cocog karo pilihan atine, pikire Ratih sing banjur mbaayangake kaendahaning urip sing bebas lan merdika. Yen dheweke ana jroning kahanan kaya kang dialami manuk-manuk kuwi, mesthi iya bakal bisa nentokake kanthi bebas apa kang dadi pilihane, tanpa ana wong liya kang wani ngaru-biru.

“Ratih, dakjaluk dina iki awakmu wis bisa nentokake pilihanmu. Aku selak ora kepenak karo Lik Wirya. Dheweke saben dina wis dienten-enteni pimpinane ngenani kesaguhanmu,” swarane Pak Prayoga Bapake saka s anjabane kamar mbuyarake lamunane Ratih.

Nadyan Ratih sejatine iya wis krungu, nanging dheweke isih meneng wae. isih ngetutake abure angen-angen sing ngumbara adoh. Pancen bakal makmur uripe yen gelem milih dalan sing dituduhake wong tuwane kuwi. Omah-omah karo pejabt kinurmat. Mobil mewah wis cumepak. Omah gedhe magrong-magrong susun telu wis kari ngenggoni. Yen butuh apa-apa ya mung kari aba.

“Iya Ndhuk, gatekna kandhane bapakmu iku. Uripmu bakal kinur-mat. Ora bakal kecingkrangan kaya ngene. dadi guru honorer sing gajine ora mingsra. Yen awakmu ghelem, mung kari tenguk-tenguk ana ngomah, kabeh kebutuhanmu wis bakal kecukupan,” ibune nyambung rembuge karo mbukak lawang kamare.

360

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010