Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/374

Kaca iki wis divalidasi

“Dinten menika kula dereng saged matur, Bu. Mbenjing-mbenjing kemawon, Bapak saha Ibu badhe kula aturi priksa,” wangsulane Ratih karo nyawang ibune sing ngerti-ngerti wis ngadeg ing ngarep lawang kamare.

“Iya, ning aja suwe-suwe, mesakake sing ngenten-enteni,” Ibune banjur kluntrung-kluntrung ngajak sing lanang supaya ngedohi, sajak menehi kalodhangan marang Ratih kanggo mikir-mikir.

Ratih bali tumlawung pangangen-angene. Yen dheweke milih dalan sing dituduhake wong tuwane, perkara bandha pancen wis ora perlu disumelangake temenan, ning apa iku wis dadi jaminan yen uripe ing tembe bakal bisa entuk kamulyan? Dheweke banget ora sarujuk yen ukurane uripmulya iku mung disawang saka perkara bandha-donya wae. Ukurane kamulyan sejati iku rak dumunung ana ing rasa sumelanging ati.

Sepisan maneh Ratih unjal ambegan landhung. Ngglethak ing dhipan nadyan ora ngantuk, ngrasakake sanggan uripe sing saya abot. Kudu milih dalan urip sing endi sing bisa nglantarake tapak-tapakke sikile tumuju marang gisiking gegayuhan.

Mendhung ireng nggembuteng sing wiwit mau gumampang ing langit sithik mbaka sethithik wiwit ceblok dadi udan. Ratih terus ngeyup ana took sangarepe sekolahane. Arep nasak ceblok udan, rasane kaya ora kuwat yen mengko kudu kadhemen. Bu Guru iku kaget sanalika bareng ana kijang ijo mandheg ing ngarep took sing dianggo ngeyup iku. maune ngira yen ana wong arep tumindak culika, ning bareng wong sing saka mobil iku mudhun, jebul Lik Wirya.

“Ratih, saiki aku butuh wangsulanmu awit wis dienteni pimpinanku. Yen awakmu saguh, awakmu wis ora perlu kluyuran golek upa nyang sekolahan, saben-saben kudu mulih kudanan kaya ngene iki,” kandhane Lik Wirya sawise sawatara suwene anggone lungguhan lan ngobrol karo Ratih ana ing papan kono.

Nanging, Ratih duwe panemu yen sing aran wong arep omah-omah kuwi kudu dipetung kanthi memet sadurunge. Awit ora mung kanggo sedina rong dina, nanging kanggo selawase. Sing aran katresnan kuwi larang regane. Ora bisa tinuku kanthi bandha donya. Drajad, pangkat, lan kalungguhan sing dhuwur durung mesthi yen payu diijolake katresnan. Mula, kanthi entheng, dheweke nuli mangsuli kandhane Lik Wirya iku, “Dinten menika kula dereng saged ngaturi wangsulan, Lik.”

“Ning pimpinanku butuh wangsulan sacepet-cepete. Dakenteni nganti suk Minggu. Nek awakmu durung wangsulan, tak anggep awakmu sanggup. Pimpinanku bakal dakajak dolan menyang omahe wong tuwamu saperlu nglamar awakmu.”

Sawise kandha kaya ngono iku, Lik Wirya banjur mak klepat, ninggalake Ratih. Dheweke nyedhaki mobile terus mbacutake laku. Sauntara iku Bu Guru kuwi bisane mung meneng. Yen digagas satemene

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

361