Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/375

Kaca iki wis divalidasi

kekarepane Lik Wirya kuwi ya becik-becik wae. Nggolekake bojo ponakane. Lik Wirya sajake ora ekhlas yen keponakane sing kesinungan rupa ayu iku nyambutgawe rekasa. Dadi guru honorer sing gajine ora mingsra lan ora karuwan kapan bisane diangkat.

“Sampun radi terang, Bu, mangga enggal kondur. Mangke selak jawah malih wong mendhunge putih,” swarane Pak Sarman, kanca guru sing wiwit mau uga padha-padha ngeyup ing emperan toko kono, mbuyarake lamunane Ratih.

“O, inggih Pak, mangga. Kula nggih badhe mantuk,” sambunge Ratih sinambi nyingkirake rasa pangrasane.

Bareng weruh kanca-kancane guru sing padha ngeyup ing papan kono wis entek, Ratih uga banjur nglakokake sepedha motore alon-alon ninggalake toko iku. Senajan udane wis terang, nanging sadawane dalan dheweke isih ngrasakake hawa adhem kang tandhes balung sungsum.

Tekan ngomah sepedha motore langsung dijagang ana emperan sisih kiwa. Nanging, lagi wae dheweke kober ganti sandhangan, ndadak wong tuwane lanang wis nyedhaki karo sajak duka.

“Ratih, kanca-kancamu guru honorer wis padha diangkat. Esuk mau pengumumane. Awakmu kok ora katut, apa mbiyen ora melu pemberkasan?” swarane Pak Prayoga kkeprungu gumontang.

“Mboten Pak,” wangsulane Ratih cekak.

“Kok mboten kepriye, ta? Awakmu rak ya w is mlebu data base?”

“Sampun, nanging kula pancen mboten purun tumut pembekasan.”

“Kok ngono iku karepmu piye?”

“Pak, ngendikanipun KKN menika kedah dipunhapus supados negarinipun kiyambak punika enggal saged uwal saking maneka warni krisis. Menawi kula tumut pemberkasan lumantar jalur honorer, rumaos kula rak inggih taksih mambet-mamber KKN, Pak.”

“Kok bisa ngono?”

“Inggih, lha wong kula dados guru honorer menika kemawon dereng tentu saged dipun tampi menawi Bapak mboten tepang sae kaliyan kepala sekolahipun. Pramila saking punika, kula badhe usaha lumantar jalur umum kemawon. Jalur ingkang fair lan bebas saking unsure KKN lan mboten wonten rekayasa.”

Pak Prayoga among bisa mlenggong bareng krungu kandhane Ratih sing kaya ngono kuwi. Rumangsane duwe anak wadon siji wae kok sajak kenceng banget anggone nggegem idealism-ne. samubarang gawe yen ora cocog karo karep lan pilihane ora gelem nandangi. Ora mung perkara jodho, nanging ing perkara gaweyan barang uga mengkono.

Dina Minggu esuk Lik Wirya karo Pak Drajad arep dolan menyang omahe Ratih saperlu njaluk wangsulan kang gumathok saka Bu Guru iku. Rong dina kepungkur wis ngabari Pak Parayoga lumantar telpun.

362

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010