Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/376

Kaca iki wis divalidasi

Wiwit tangi turu, Ratih wis bingung nyepakake ukara sing arep diwenehake menyang tamune mengko. Bapake sing nyoba takon langsung diwenehi katerangan yen dheweke ora saguh dadi bojone Pak Drajad, awit dheweke wis duwe pacar.

“Pilihan sing kleru, Ratih, yen awakmu nampik Pak Drajad lan ngeboti pacarmu sing mung dadi pengarang iku. Piye ta Ndhuk? Ndhuk… dituduhi dalan sing lurus, alus, tur kepenak diliwati kok malah milih dalan sing menggak-menggok lan kebak sandhungan.”

“Margi in gkang menggak-menggok saha kebak sandhungan ppunika menawi dipun langkungi badhe nuwuhaken raos pangati-ati, Pak. Benten kaliyan margi ingkang sampun alus tur lurus, kadhangkala malah saged njalari manungsa langkung gampil kesupen dhumateng bibit sekawitipun piyambak. Pramila Pak, margi pundi ingkang kula antepi inggih menika ingkang kula langkungi, sinaosa menika menggak-menggok lan kebak sandhungan.”

“Anak wadon siji wae ora ngerti subasita lan aturan. Dikandhani wong tuwa malah wani mangsuli sakecap padha sakecap.”

Nanging, durung nganti rampung anggone padha regejegan ing antarane anak lan bapak kuwi, Bu Prayoga ndadak wis bali saka pasar sinambi nggawa kabar anyar. Kabar sing wiwit esuk mau wis dadi warta mirunggan ing pasar lan dadi kembang lambe ing sadhengah papan.

Kanthi praupane abang mbrabak kebak rasa was sumelang, wong wadon setengah umur kuwi ngandharake kabar mau menyang anake wadon lan menyang bojone. Wingi sore jarene Pak Drajad dicekel polisi awit konangan anggone korupsi nganti milyaran. Lik Wirya sing dadi anak buahe melu dikatutake pisan awit uga wis melu keduman brekat ora kalal sing kutah iku.

Ratih rumangsa trenyuh bareng krungu kabar kuwi awit pak like pranyata uga katut-katut kesempyok ing prekara. Nanging uga banjur ana esem kang cumanthel ing latine awit rumangsa yen wis ora kleru milih dalaning urip sing diliwati. Dalaning urip sing bakal diantepi. Dalaning urip sing menggak-menggok kebak sandhungan, godha, lan coba. Nanging dalan iku dipercaya kadi dene dalaning uripe kang bisa nglantarake sikile tumapak marang gisiking gegayuhan.

Jaya Baya, No. 18, Minggu I, Januari 2009

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

363