Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/377

Kaca iki wis divalidasi
DHUWIT
Sie Erlangga

Wagimun ngadeg nyat, terus mlebu senthong tengah. Pikirane sing goreh njalari ora bisa turu. Kaos sing cumanthel neng ndhuwur amben disaut banjur digawe pisan. Metu saka senthong papagan karo bojone sing lagi nggendhong anake lanang. Sajake bocah umur telung taun kuwi wis turu kepati merga pancen wis wengi.

“Arep nyang ngendi ta, Kang?”

“Metu dhiluk! Lawange kancingen ndhuwur wae, ora sah dipalang ben aku mengko ora usah bengok-bengok nyeluki kowe yen mulih.”

Wagimun dhewe banjur bablas metu tanpa nolah-noleh maneh. Pikirane sedina iki mau jan mumet tenan. Sakjane perkarane sepele mung trima dhuwit. Dhuwit lan dhuwit. Nanging carane ngatasi prekara sepele kuwi sing sajake ora kena dianggep sepele. Wengi iki dheweke kudu oleh cara kanggo uwal saka gubelaning prekara si dhuwit kuwi.

Karo panggah mlaku Wagimun ngenam pikirane. Coba ta bayangna, ngono kandhane atine Wagimun. Sing dijaluk bojone saben dina kuwi rak iya ora ana liya maneh kejaba dhuwit. Anake sing sih piyik urung ngerti gaweyan tangi turu sing ditakokake dhisik ya dhuwit. Malah mara tuwane sing wis rada pikun kae wae sing diapalake ya dhuwit. Kamangka wong kabeh mau njaluke dhuwit marang dheweke. Wagimun nganti gu-mun setaun. Kaya ngono kuwi ta pengaruhe dhuwit marang manungsa? Apa maneh bareng kelingan dhek ingine dredah karo si Murti, bojone.

“Mbok aja lawuh gereh terus ta Mur. Suwe-suwe dharah tinggiku kumat, lho!” kandhane Wagimun ngelikne sing wedok seminggu leh nge-dhepi gereh terus.

“Pokok dhuwite blanja kok imbuhi ya tak ganti lele!”

Plass! Wangsulane si Murti sing atos iku ya sik kober nyeseli tembung dhuwit. Wagimun nganti jibeg. Jane piya ta carane oleh dhuwit ki? Du-rung er-te ne Pak Sobri sing ngabani sumbangan kanggo mbangun pos rondha.

“Sak ikhlase mawon Pak Wagimun. Mbok Manawa sampeyan gadhah arta luwih mang sukakne sakniki nggih langkung sae.”

364

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010