Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/378

Kaca iki wis divalidasi

Wagimun ngeleg idu. Dhuwit jaga nggo tuku rokok kapeksa ucul saka sak. Sedheng er-te ne mulih malah wis oleh dhuwit dhisik. Alasane dhuwit kudu ndang nglumpuk amrih pos rondha uga cepet digarap. Dadi yen ana wong rondha, ana sing dianggo ngaso lan ngopi. Tujuane wong rondha mau pancen njaga keamanane kampung amrih ora dileboni maling. Nanging oleh mupakate akeh, sing padha rondha diwenehi ijole rokok sewengi limang ewu rupiyah. Dene malinge yen klakon isa mlebu kampung yen beja ya isa nggawa dhuwit luwih saka limang ewu. Nah.... Rak dhuwit maneh, iku. Dadi, wong apik karo wong elek kuwi sakjane tujuane padha-padha golek dhuwite.

Grobyaaaaakk!!

“Adhuuuuhh!” Wagimun jekangkangan neng pinggir ratan. Sirahe krasa ngelu sak sisih. Ning bareng kelingan karo tujuane sing arep golek cara kanggo luar saka panandhange, Wagimun banjur krasa entheng wae nalika ngadeg. Malah lakune tansaya digelak. Kareben ndang teka ngeng-gon, kok. Embuh jam pira Wagimun wis ora kober nelingne, sing baku dheweke wis teka kantor pusat neng Jakarta. Jenenge kantor apa Wagimun ya wis ra kober ndeleng. Sing penting Wagimun wis marem merga wis teka marang panggonan sing dituju.

“Pak Wagimun sampun kuwatir. Menika pemerintah pusat badhe maringi sing namine mesin pencetak uang utawi mesin sing kanggo nyithak dhuwit!” Wagimun ndomblong. Durung dhong karo karepe pegawe sing mentas kojah neng ngarepe kuwi. “Pak Wagimun ....”

“Eng ... gih ..., Pak. Kula ...!” Wagimun gragapan.

“Mengke mesin niki badhe didum rata saben KK angsal setunggal....”

“Nggih Pak kula pun ngertos. Lajeng carane nggunakake mesin niki pripun, Pak?” takone Wagimun karo ngiling-ilingi mesin cithakan dhuwit mau. Pegawe sing jenenge tibake Pak Andi mau ngawe pegawe loro ma-neh. Banjur wong loro mau mraktekake. Sawise meh telung jam Wagimun lagi isa lan apal sakabehe cara nglakokake mesin kuwi. Kringete dleweran nelesi kaose sing gambare singa lagi nyekel lembaran dhuwit atusan ewu.

“Pripun, Pak Wagimun sampun saged ta carane ngginakaken mesin menika?” takone Pak Andi karo mesem. Wagimun nggleges karo manthuk.... Eseme jan entheng tenan dirasakake. Pundhake barang rasane kaya ngleyang. Wagimun bakal luwar saka panandhange, klebu wong-wong sing bakale uga didumi mesin cithakan dhuwit.

“Matur nuwun Pak …, njenengan sampun maringi kula margi kangge ngluwari prekawis arta menika.”

Pak Andi manthuk-manthuk sajak rena penggalihe. Wagiman banjur pamitan mulih.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

365