Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/379

Kaca iki wis divalidasi

Esuk uthuk-uthuk Murti wis mbrabak raine. Lungguh sedheku ing ngarep pawonan. Wagimun sing wiwit mau api-api gumun weruh patrape sing wedok.

“Ana apa, esuk-esuk kok wis nesu?” takone sareh.

“Anyel aku, Kang!”

“Anyel keneng apa ta, kowe?”

“Coba Yu Siras kuwi. Adate tak tempili jagung sak senik ya mesthi oleh, lha kok saiki jare ora arep didol. Kamangka lak mentas panen eweh-eweh ta Yu Siras ki?” wadule si Murti.

“Sebabe apa?”

“Ya merga dhuwite saiki akeh iku, dadi saiki wis ora butuh dhuwit maneh,” wangsulane si Murti sing sengak njalari Wagimun ngowoh. Ndhak iya ta .... Mangka dhek wingine kae yen ana wong ora sir tuku malah dioyok-oyokake dhisik beteke selak butuh dhuwit.

Durung tutug wong loro olehe rembugan, saka kidul omah keprungu swarane wong umyeng. Wagimun mara klepat marani, jebul tekan kono wis akeh uwong. Pakdhe Ramidi malang kerik adhep-adhepan karo Mbah Jiwo.

“Pitikmu ki tak tuku. Leh ku tuku ki ya nganggo dhuwit, ora karo bata,” ngono kandhane Mbah Jiwo karo nudingi pitik jago neng njero kurungan. Wong Mbah Jiwo mono tukang adu jago, dadi weruh jagone Pakdhe Ramidi sing gedhe lan rosa, mara dienyang wae. Niiiing ….

“Aku ngerti Mbah, sampeyan nduwe dhuwit, nanging jago iki pancen ora arep tak dol. Merga aku urung butuh dhuwit. Dhuwitku isih akeh, kae lho ..., lehku nyithak dhek wingi sore wae durung tak blanjakake blas, kok!”

Sirahe Wagimun mara mak theng-theng krungu regejagane wong loro sing umyeg prekara dhuwit iku. Walah piye iki .... Tanggane padha binggung anggone nggunakake dhuwite. Merga saiki kabeh wis padha bisa nyithak dhuwit dhewe-dhewe. Ora perlu golek sebrakan, utangan apa maneh colongan. Ning yen ngono carane upama wong-wong iku klebu dheweke iku butuh uba rampe kanggo keperluan saben dina piye? Merga rumangsa ora butuh dhuwit njalari barang keduwekane ora perlu didol.

“Iki gara-garane Wagimun menyang Jakarta dhek ingi kae. Dadine malih kaya ngene iki,” cluluke Lik Kadiran saka kedohan. Wagimun tansaya kemepyur mripate. Nanging diempet merga dheweke kepengin eruh apa karepe Lik Kadiran kuwi.

“Karep sampeyan pripun ta, Lik?” takone Wagimun karo ngempet mumete.

“Deloken Lik mu kae. Berase entek, gulane entek, bumbone gusis. Barang dagangane ludhes digondhol maling!”

“Lho kok saged ...?”

366

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010