Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi

“Nyoh Dhe, gelang-kalungmu gawanen bali! Aku gak butuh! Aku iki randha, takakoni! Nanging sanajan kahananku iki mepet lemah paribasane, aku ora arep adol awak! Ambak-ambak aku iki mung dodol jamu, isih dhasi tuku gelang-kalung! Gak percaya?” Pitakone Yu Gini karo nggeret laci meja ing ngarepe. Laci iku dibrukake ing sandhuwuring meja. Suwarane gemlondhang binarung suwara kemrincinging gelang, kalung, ali-ali, simpenani Yu Gini.

Sastro Lentho njomblak kaget, sumlengeren weruh mas-masane Yu Gini sing semono akehe iku. Dheweke kisinan. Pangirane Yu Gini iku ora duwe anggon-anggon, wong saben dinane ora tau dianggo, jebul duwe simpenan.

Kanthi gugup Sastro Lentho mundur kamikisinen. Kandhane groyok.

“Ya, anu Ni, ya wis nek anu …, jebule kowe wis duwe ta? Ya wis …, aku … aku … tak bali …, takkira durung duwe …!”

“Durunga duwe kae, aku ora kere! Ora melik donyamu, ora arep nglonthe. Kowe aja semangkeyan dupeh sugih dhuwit! Aku ora butuh! Huh, anggepe apa? Arep kurang ajaran karo aku?”

Akeh-akeh panguman-umane Yu Gini marang Sastro Lentho. Sing diuneni mulih nggenjrit nggawa kuciwaning ati. Pandugane kleru, pangirane mleset. Ngira yen Yu Gini iku randha gampang digodha, jebul angel. Malah dheweke sing kewirangan diunek-unekake wong wadon. Sastro Lentho rumangsa diina sakpol-pole.

Ya perkara iku sing njalari dheweke gething mburu sengit marang Yu Gini. Mula bareng Yu Gini nduwe gawe gedhen, dhadhane kaya ditampeg, rasane ampeg. Rumangsa dheweke sing dikilani dhadhane, dipameri donyane. Sastro Lentho rumangsa diina kaping pindho. Batine, gila-gila temen Gini kuwi, pameran donya marang aku. Apa dikira aku ora bisa duwe gawe ngungkuli dheweke?

Bareng mantu anak mbarep, Sastro Lentho genti gawe pangerameram. Nanggap klenengan, sindhene saka RRI, malah nganggo fragmen wayang wong barang, isih nganggo pelawak telu. Mbelih sapi, ora ketang sapi dagangan. Pokoke gedhen, ngungkuli nggone Yu Gini. Tamune uga akeh. Malah katon jenak. Tamu-tamu iku padha mesam-mesem sinambi rasan-rasan karo kancane.

“Pokoke diremuk, Kang” kandhane bisik-bisik.

“Ha …, ha … ha …, cocog aku! Aku ya mathuk. Kapoke kapan Sastro Lentho kuwi. Kabeh wis dho ngerti kok kelakuwane …, ha …, ha … ha ….”

Karo grenang-greneng tamu-tamu iku ngebut ngentekake pasugatan nganti padha kewaregen.

Semono uga para nom-noman sing padha laden. Malah diprentah karo ketuane.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

25