Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/380

Kaca iki wis divalidasi

Wagimun mlompong. Wong-wong liyane tansaya cedhak ngrubung Wagimun.

“Piye ora ..., wong Lik mu pancen wis ora butuh dhuwit. Dadi, karepe warung ditutup, dene sisa dagangane perlu arep digawe dhewe. Yen ana wong tuku, dikandhani yen ora dodolan maneh, mesthi wae wong-wong sing duwene dhuwit nanging ora duwe beras, ya klakon mbingungi. Nyekela dhuwit akeh yen ora kena digunakake nggo apa? Yen wis ngono nyang ngendi maneh parane wong luwe, yen ora nyolong!”

Mak theeeeng! Wagimun ambruk. Kelingan neng omahe dhuwite dielus-elus karo sing wedok. Ditata mening-mening diwadhahi kothakan. Puluhan ewon, atusan ewon, lan liyane didhewek-dhewekake amrih ora campur dadi siji. Anake lanang ya wis isa nata dhewe, malah diwadhahi kresek gedhi limang atusan kae. Mara tuwane malah luwih akeh maneh olehe nata. Jarene arep dienggo sendhen. Wong sugih lak sendhen dhuwit, tah! Ning, apa gunane sendhen dhuwit yen wetenge ngelih? Tanggateparo ora gelem adol asil panenan. Warung-warung padha tutup. Luwih giris maneh merga nglabuhi weteng luwe darbeke liyan dijarah. Yen ndhisik maling kuwi sing dijarah dhuwit, ning saiki malinge wis padha sugih dhuwit. Saben dina padha isa nyithak dhuwit dhewe. Saiki lek budhal nyolong sanguine glangsing, merga arep dienggo ngadhahi bangsane uyah, gula, beras lan panganan liyane.

“Kang ..., Kaaaang ..., eling ...” Wagimun kriyip-kriyip namatke sapa sing entas celuk-celuk. Bareng wis melek amba jebul Murti nangis ngguguk neng sandhinge.

“Nyang apa iki kok nangis?” takone bingung.

“Sokur, Le, kowe wis eling. Kowe mau tas disrempet cikare Lik Kurdi,” sing semaur jebul Mbah Jiwo. Lho ....

“Ning ya ora apa-apa, wong mung semaput ora ana sing tatu. Dadi karo Lik Kurdi terus diterna sisan nyang omahmu,” Mbah Jiwo kandha maneh. Wagimun banjur kelingan.

“Lho Mbah ..., Sampeyan mboten siyos tumbas jagone Pakdhe Ramidi wau nika ta?”

“Lho, jago gundhulmu mlonyoh iku. Apa kowe arep nggasakne aku ben aku dicekel Polisi?” wangsulane Mbah Jiwo karo ngalih.

Wagimun kukur-kukur sirahe sing isih krasa ngelu sesisih. Ndilalah anake lanang kok mlebu karo nggawa buntelan neng kresek gedhe.

“Apa sing kok gawa kuwi, Le?” Takone Wagimun sajak ora kanten.

“Aku diwenehi kaos karo Mas Arif,” wangsulane anake lanang nambahi Wagimun tansaya kemepyur mripate. Lho, kuwi kok kaos dudu dhuwit sing mau bengi diwadhahi kresek limang atusan kae?

Jaya Baya, No. 37, Minggu III, Mei 2009

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

367