Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/381

Kaca iki wis divalidasi
STASIUN
Pakne Puri

“Pah ... Ipah ...” wadon setengah tuwa kuwi jelih-jelih saka sabrang ril nyeluki kancane. Swarane bantas nanging cekak awit sirahe kabotan sunggen njalari gulune dadi katon mengkeret.

Sing diundang noleh wae ora. Sajake pancen ora krungu. Lumrah wong pancen rada adoh. Ketara olehe ndheprok ngadhep dagangan sinambi sendhen cagak wesi emperan emplasemen tengah stasiun tanpa mingset. Tangane kiwa-tengen sraweyan genti-genten nggusahi laler sing nyoba nglimpe ngencoki sawernaning panganan dodolane.

“Dhasar budheg!” panggrundele sing celuk-celuk mau karo mengo nyawang pawongan ing sisihe.

“Tulung Yu, bengokna maneh luwih banter,” wong lanang pawakan mbambang, cilik-dhuwur-kuning, kuwi bisik-bisik ngreripih.

“Opahe apa?”

“Beres.”

Nanging lagi wae lambene bali menga, banjur kesaru gemonthange speker nywara pating kloneng aweh pratandha yen bakal ana sepur teka ing ril siji. Ora let suwe banjur keprungu bekose loko sajak krenggosan kekeselen. Penumpange pating jrabing ingak-inguk saka njeron cendhela sing kacane akeh-akehe wis ora wutuh maneh. Rambute modhal-madhul, rai racak katon reged nglengo memper gerbong sing ditumpaki, bobrok tur pesing. Sawetara penumpange mudhun saperlu ngolet ngeluk boyok sing kemeng sawise dienggo lungguh sedina muput saka Jakarta wiwit subuh mau. Lan, saiki wis manjing setengah pitu bengi. Kamangka tujuane isih adoh, Surabaya. Embuh, jam pira tekan nggone mengko.

“Tak bengokana nganti ndomble lambeku ya percumah, Run. Paranana dhewe kana. Kae Ipah wiwit ider.”

“Isin, Yu,” wangsulane Dirun, pawongan kang pawakane mbambang kuwi.

“Isin? Yen dhong lagi ngonokan wae ra isin.”

Dirun mlengeh. Sambunge, “Lha kowe ora mrana, Yu?”

368

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010